Pithik Blorok:
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku
Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?
Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus,
ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora iso popiye?
Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan.
Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?
Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae
rasah dipangan.
^_^
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia
sak gegem, diuncalke ning lemah ben dipangan pithike. Ananging pithik loro kuwi malah kur
ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi. Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur
njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan
pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak.
Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur. Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke
ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang
ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem. “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh
wae arem-areme” celathune marang Ponakane. Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita
menawa pithike dho ora doyan mangan.
Adhine:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Adhine:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari
kanca-kancane.
Pithik Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh wae. Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih
ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok
malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem
wae. Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...
Pithik Blorok:
Enak wae. Aku ya
ora gelem dibeleh ki..... (Pithik Blorok banjur cepet-cepet
melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan arem-arem.
Mbak Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega
lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki (Undil-2012).
gambar karya Pablo Picasso diambil dari: http://cdn2.all-art.org

Wkwkwkwk lucu pisan kowen cuk
ReplyDeletemksh ya udah bantuin tgs bhs jawa ku :D
ReplyDeletelucu2...
ReplyDeletegratis novel-novel 3D
ReplyDeleteajib temenan coy
ReplyDeleteMaturnuwun wis ngewangi nggarap tugas basa jawa-ku
ReplyDelete(^_^)
makasih udah bantu tugaskuu :)
ReplyDeletehahahaa....
ReplyDeletethankz udh bntu tugas bhs.jawaku
ReplyDeletewkwkwkwk lucu bangetz
ReplyDeleteLucu cuk
ReplyDeletemakasih bgt ini sangat membantu :D
ReplyDelete?
ReplyDeleteizin copas ea,..
ReplyDeletethanks,...
makasih dah selesai kan tugasku
ReplyDelete