Showing posts with label blog bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label blog bahasa jawa. Show all posts

Cerita Bahasa Jawa: Arya Penangsang lan para Penyembah Iwak

Srengenge mulai lingsir ing sisih kulon naliko rombongan Arya Penangsang tekan deso pinggir pesisir kuwi. Pangeran Demak Bintoro kang awake ramping, duwur, kulite putih, irunge bangir lan rambute kandel kuwi banjur njaluk ijin marang Pak Lurah arep gawe kemah ning lapangan pinggire Bale Desa. 

Pak Lurah langsung ngijinke rombongan prajurit sing nganggo busana nduwuran katun warna biru, celana abang, lan surban warna putih kuwi nginep ning kono. Jebulane ijine Pak Lurah iku agawe ora seneng sebagian kecil wong desa kono. Utamane tumrap Jaluningratan, tokoh pemuda sing nduwe puluhan pengikut setia.





















Esuk-esuk lagi wae Arya Penangsang lan rombongane rampung pengajian tafsir Al Quran ba'da sholat Subuh, wis akeh pemuda-pemuda deso marani kemah-kemah sing dianggo nginep karo mbengok-mbengok akon metu wong-wong sing ning njero tendo.  Suwijining pemuda jangkung metu saka njero tendo, ning mburine ana wong pitu sing ngetutake.

"Heee kowe kabeh tukang gawe rusak tatanan! Kowe kabeh rak enem sasi kepungkur sing marakake wong-wong ndeso kene pada ora gelem  setor 100 endhas kebo kanggo sesajen Ratu Segara! Biasane penduduk pada wedi lan manut marang kabeh panjaluk gegandengan karo kaperluan sesajen Ratuning Segara. Saiki dadi pada wani nolak!" bengoke Jaluningratan

"Sabar Kisanak. Aku lan rombongan iki dudu tukang rusak tatanan. Aku saukur liwat papan kene arep menyang panggonane Madrasah Sunan Bonang ning Tuban" jawabe wong tuwo jenggoten sing ngadek ning jejere pemuda jangkung.

Cerita Lucu Basa Jawa: Lomba Nyanyi Bayi Altap vs Pitik Kementhus

Wis sakwetara Altap lan Bunda Majda Yulianingrum nginep ning omahe Eyang ing sasi pasa iki. Pendak sore menawa Bunda Majda Yulianingrum lagi masak ning pawon -- Altap didelehke ning ngarep akuarium air laut ning teras mburi omahe Eyang. Dheweke numpak stroller (kereta bayi) werna biru, lingguh karo ketap-ketip, seneng banget nyawang kincir air sing mubeng ning njero akuarium. Kebon mburi omahe Eyang kuwi jembar banget, berbatasan karo kali cilik sing alirane mbelah kampung kono. Ning kebon akeh kewan-kewan sing saba. Diantarane yaiku pitik, menthok, banyak, kalkun lan kewan-kewan liar sing omahe ning pinggir kali.




















Suwijining ndina, nalika Altap lagi leyeh-leyeh ning stroller biru karo nyawang akuarium -- ujug-ujug mak bedenguk mara pitik jago sing awake cilik lan wulune kuning. Sakjane dheweke isih jagoan, isih anak pitik, durung dadi pitik jago tenanan. Nanging polahe kaya pitik jago sing wis kawakan.

"Yi, bayi jenengku Pitik Kementhus, pitik paling pinter ning kebon kene. Sapa jenengmu yi?. Ngopo pendak ndino kowe leyeh-leyeh ning kene?" pitakone pitik kuwi

"Awawawa wawawaw wawawa. Jenengku Altap, anake Bunda Majda Yulianingrum, puthune Eyang. Aku pendak sore ning kene amarga Bunda Majda Yulianingrum lagi sibuk masak ning pawon" jawabe Altap nanggo bahasa sing miturut Bunda Majda Yulianingrum saukur kaya suara bayi ngoceh sing ora ana maknane. Nanging mbuh piye carane Pitik Kementhus iso ngerti ucapane Altap.

"Woooo ngono tho yi. Tinimbang tenguk-tenguk kaya ngono mbok kowe melu aku golek cacing lan walang, iso dianggo lawuh mangan loh" 

"Awawawawa wawawa wawa. Waduh lah aku iki bayi umur 7 sasi sing durung iso apa-apa je. Lingguh we durung iso, kok malah diajak golek walang sing pinter mlumpat-mlumpat. Yo ora bakal iso nglakoni awakku. Nanging menawa tak sawang-sawang nalika  kowe mangan walang -- sajake pancen rasane enak tenan yah"

Altap durung ngerti menawa menungsa umume ora seneng mangan walang.

"Walah mesakake tenan kowe ki. Wis umur 7 sasi, gedhene sak gajah kok rung iso apa-apa. Kowe mesthi keset banget iki. Ora tau gelem sinau lan ajar ngopo-ngopo. Gaweane turu terus kok kepingin mangan walang -- yo ora bakal iso no!. Lha aku iki umure lagi 5 sasi wis iso apa wae. Iso mabur, iso mlayu, iso golek pangan dhewe, iso basa kewan macem-macem. Klurukku apik banget loh, mengko kowe tak duduhi!"  kandhane Pitik Kementhus rada nyepelekake Altap.

"Wawawawa wawawa wawaaaa. Sapa sing keset? Aku iki menungso dudu pitik. Beda no! Sesuk nek wis umur setahun ya mesthi wis iso mlayu ngoyak-oyak kowe, terus tak cekeli buntutmu ben ora iso lungo-lungo!" jawabe Altap radha nesu amarga dianggep keset karo Pitik Kementhus.

"Wooo yo aja ngono kuwi yi. Aku ojo thok oyak-oyak koyo ngono. Wis ngene wae, saiki awake dhewe lomba tarik suara wae. Aku iso kluruk, kowe rakyo iso nyanyi tho?" celathune Pitik Kementhus rada kuatir bakal dioyak-oyak Altap sing awake gedhi kuwi.

Cerkak Bahasa Jawa: Ngunduh Bejo Amarga Tumindak Sepele

Dino setu bengi akhir Mei, Shinichi bali menyang Bandung sakwise liburan seminggu ning Jogja. Kaya biasane Shinichi nggawa tas loro, siji tas ransel gede isi klambi, buku, laptop lan sakbangsane. Ditambah siji tas cilik isi oleh-oleh -- salah sawijine bakso gorenge Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul sing kagurihane gawe kangen kanca-kancane. Shinichi marani loket Customer Service (CS) stasiun sakperlu njaluk dicetakke tiket kereta api sing wis dipesen seminggu kapungkur lewat situs PT Kereta Api. 




Jebulane saiki penumpang kon nyetak dhewe ning komputer sing disediakake. Ora dilayani meneh dening petugas. Mesti wae antri, ning antriane ora dawa. Tekan ngarep komputer, ana tulisan Shinichi dikon nglebokke kode booking sing wis dikirim via email seminggu kapungkur. Wah nek carane kaya ngene, sesuk meneh dheweke ora perlu ngeprint bukti bayar, cukup dicatet kode bookinge wae. Luwih gampang. Wasan Shinichi ngetikke kode booking lan mejet OK, terus komputer otomatis nyetak dhewe tiket kereta api. Wah pancen canggih tenan pelayanan sepur jaman saiki.

Sakwise nggawa tiket, Shinichi melu antri arep mlebu strasiun. Tekan ngarep petugas checker, Shinichi ngulungke tiket lan SIM sakperlu diperiksa kacocokane dening petugas. Bar tikete dicap dening petugas, banjur mlaku meneh tekan lawang sing dijaga satpam. Satpam uga meriksa meneh tiket Shinichi karo ngandani menawa Sepur lodaya mengko siap ning jalur lima.

Jam wolu kurang seprapat, Sepur Lodaya teka saka Solo. Shinichi mlebu gerbong eksekutif 1, trus goleki kursi nomor 10C. Wasan ketemu kursine, Shinichi enggal-enggal ngetokke laptop, buku,  lan teh Nu Greentea saka tas. Bar kuwi ngunggahke tas ning kabin sepur. Rampung tata-tata gawan, Shinichi asyik nyenuk mbukak-mbukak situs online sinambi ngombe greentea.

Ora lali Shinichi ngobrol karo wong sing lingguh ning jejere, jenenge Arista, mahasiswi ITB, ayu, putih, duwur, sing bar dolan-dolan ning Jogja ninggone budhene. Bar kuwi ora kaya adat saben -- Shinichi kepengen ngruruhi wong sing lingguh ning kursi ngarepe. Jebule wasan mengo ketok rupane si Justus -- cah anyar sing lagi setengah tahun kerja ning kantore Shinichi. Justus uga bar dolan ning Jogja, jarene ninggone Oma.

Rampung ngobrol karo Justus, Shinichi mulai mbukak-mbukak buku sing digawa. Buku karangan Salim A Fillah sing judule Jalan Cinta para Pejuang. Isine apik banget, nerangake bab-bab penting ning kehidupan sehari-hari saka sudut pandang psikologi islami. Pokoke isine top markotop, kaya mbukak tabir perilaku menungsa, lan nunjukke perilaku kang utama. 

Tengah wengi Shinichi nylempitke buku lan laptop ning pinggir kursi amarga kantong sing biasa nemplek ning kursi ngarepe ora ana. Mungkin suwek, terus dicopot tinimbang ngelek-eleki. Ora sakwetara suwe Shinichi turu nglinthek ning kursi. Tangi-tangi jam papat esuk amarga ana suarane petugas sing lagi nariki selimut kusebab Sepur Lodaya wis arep tekan stasiun Kiara Condong. Selimut pancen sok ditarik pas sepur arep tekan stasiun tujuan. Wasan sepur tekan Stasiun Bandung, Shinichi cepet-cepet medhun sakwise pamit marang Arista lan Justus.

^_^

Awan-awan bar makan siang, Shinichi lagi kelingan menawa laptope mau ditokke ning kursi sepur, lan durung dilebokke meneh ning tas. Wah gawat iki!. Berarti laptope ketinggalan ning sepur. Wah mau bar dinggo saukur dislempitke ning pinggir kursi ora langsung dilebokke tas meneh, dadine malah lali.

Cerkak Basa Jawa: Mbak Irah lan Rahasia Mas Wagenugraha

Wis suwe Mbak tukang cuci baju langganane Wagenugraha sing ayu kuwi gumun karo Wagenugraha. Amarga Wagenugraha kerep ngumbahi dhewe sebagian klambine. Kadang-kadang wayah bengi anggone ngumbahi, dadi esuk-esuk pas arep njukuk klambi reget, Mbak Irah kaget weruh ana klambi teles pirang-pirang digantung ning pemean. Terkadang Wagenugraha ngumbahi wayah prei setu utawa minggu esuk. Dadine dheweke anggone adus suwe banget jalaran sisan karo ngumbahi klambi.
















Awale Mbak Irah sumelang gek-gek anggone dheweke ngumbahi ora resik, dadi Mas Wagenugraha rumongso perlu ngumbahi dhewe. Nanging alasan kuwi gugur amarga sebagian besar klambi tetep dikumbahke dening Irah. Akhire saking penasarane, Irah takon marang Wagenugraha:

"Mas Wage, kenging menapa panjenengan niku sok ngumbahi dhewe tho. Punapa wonten rahasia ing klambi panjenengan?" pitakone Irah karo munggahke alise kang nanggal sepisan.

"Oooooo ora, ora ana rahasia ning klambiku. Aku saukur kepengin ngumbahi wae Mbak Irah, sisan karo adus"

"Wah mosok niku alasanipun tho?. Menapa kumbahan kula kurang resik Mas Wage?"

"Ora, ora Mbak Irah. Hasil kumbahanmu  resik kok. Malah resik banget, luwih resik tinimbang kumbahanku"

"Lha punapa alasanipun ngumbahi piyambak?"

Cerita Cekak Basa Jawa: Dongeng Kancil lan pitik sing rebutan endog

Suwiji dina Sang Kancil lagi mlaku-mlaku ning kidul Pasar Bantul. Dheweke weruh langit isih peteng, kamangka saiki wis jam sepuluh awan. Srengenge ora ketok, malah katon ana sejenis bledug sing medun saka langit. Omah lan wit-witan katon rupane dadi putih-ireng amarga katutup awu. duniashinichi.blogspot.com

"Wah iki mesthi udan awu. Sajake ana gunung sing njebluk, terus awune jalan-jalan tekan kidul Pasar Bantul" pikirane Kancil wasiat

Kancil banjur mampir ning Bakso Bangjo sing warunge mapan ning sakidul Pasar Bantul. Dheweke wis sawetara suwe kakancan karo Mbak Dewi, koki sekaligus merangkap juragan sing nduwe Bakso Bangjo. Racikan baksone sing mantep marakke Kancil kepengin mampir pendak dolan ning Bantul. Rugi rasane adoh-adoh tekan Bantul ora ngrasakke gurihe Bakso Bangjo. Weruh Kancil mlebu ning warunge, enggal-enggal Mbak Dewi ngruruhi duniashinichi.blogspot.com

"Woooo kowe tho Kancil. Mrene-mrene mlebu ndene. Wiwit wingi ana udan awu amarga Gunung Kelud njeblug. Wis kowe leren kene ndisik, mengko tak wenehi masker ben ora watuk merga irungmu kelebon awu" duniashinichi.blogspot.com

"Gunung Kelud tho sing njeblug! Wah pantes awune akeh banget. Jeblukane Gunung Kelud pancen sok gedhi banget, ngantek awune tekan ngendi-ngendi" jawabe Kancil

"Kebetulan kowe mampir kene Kancil. Saiki aku lagi ana masalah. Ingon-ingonku Pitik Lehor karo Pitik Kalkun lagi kerengan amarga endoge kena awu Gunung Kelud, dadi ora iso dibedakke" celatune Mbak Dewi

Cerita Cekak Basa Jawa: Kuncung Bawuk, Sandal Jepit Anyar, lan Udan Awu Gunung Kelud

Esuk-esuk naliko wis kalung anduk arep adus, Kuncung kaget weruh langit isih peteng ndedet kaya tengah wengi, padahal wis wayahe jam enem esuk. Dheweke sansaya kaget weruh saka cendela menawa plataran omahe rupane dadi abu-abu. Kabeh barang ning latar dadi hitam putih kaya foto jaman mbiyen. Wit-witan sing maune ijo dadi abu-abu. Semana ugo suketan dadi abu-abu semu putih. Gendeng pendopo katon abu-abu, blumbang iwak emas saiki rupane putih kaya kolam susu.

"Wah, iki mesti udan awu meneh" celathune Kuncung

Kuncung krungu Bapakne ngendika menawa saiki lagi udan awu amarga Gunung Kelud njebluk. Katone awune luwih akeh tinimbang naliko Gunung Merapi njebluk sawetara taun kepungkur. Padahal Merapi kur 20 kilometer sisih lor Jogja. Lha iki Gunung Kelud rak neng Jawa Timur, cedhak kutho Kediri. Jarake mesti ora kurang saka 250 kilometer, nanging kok awune luwih akeh? duniashinichi.blogspot.com

"Kuncung sajake Gunung Kelud energine luwih gedhe dibanding Gunung Merapi, dadi jeblukane luwih gedhe lan awune luwih akeh. Apike kowe rasah mlebu sekolah ndisik. Tak kiro sekolahmu ya bakal prei, amarga mbebayani menawa bocah-bocah pada mangkat sekolah ning kahanan kaya ngene. Mengko iso padha kecelakaan amarga dalan lunyu lan jarak pandang terbatas. Kesehatan mripat lan paru-paru uga iso keganggu dening awu gunung berapi" ngendikane Bapakne Kuncung 

"Wo ngono ya Pak. Gunung Kelud jeblukane luwih nggegirisi dibanding Gunung Merapi. Lha iki awu pirang-pirang iki nek kudanan rakyo gendenge awake dhewe dadi resik tho. Kaya bar diasahi nganggo awu!"

"Yo ora ngono kuwi Kuncung. Mengko menawa udane awu wis rampung awake dhewe kudu enggal resik-resik gendeng ben ora kabotan menawa kudanan. Awu tambah banyu dadi abot banget lan iso marakke gendenge ora kuwat nyangga bobote awu teles" ngendikane Bapakne.

"Wah nek ngono aku mengko melu resik-resik yo Pak. Lha ning sandal jepitku anyar je. Piye iki nek kena awu bakal dadi reget. Padahal le tuku we ning Joger je. Digawa adoh-adoh saka Bali bareng piknik sekolah wingi, kok tekan kene malah kur diregeti awu!"

"Mas Kuncung!. Sandalmu sing anyar kuwi disimpen wae ning lemari ben ora kena awu. Mengko nek reget rakyo sing getun kowe. Mengko nalika resik-resik nganggo sandal lawas wae. Eman-eman banget menawa sandalmu dadi reget" saur adhine sing dumadakan metu saka kamare.

"Hooh bener kowe Bawuk. Apike sandalku tak bungkus koran trus tak singgahke ning lemari. Ben ora keno awu" jawabe Kuncung

"Ya wis sakarepmu. Ngono ya rapapa" ngendikane Bapak karo ngampet ngguyu weruh anak-anake pada eman-eman banget marang sandal jepite Kuncung. Tumrap bocah cilik, saukur sandal jepit wis kalebu barang berharga.

Nanging Bapakne Kuncung banjur mikir menawa dheweke pada wae karo Kuncung, kur beda porsine. Mesthine tumrap wong soleh kaya Pak Haji -- dheweke sing isih makantil-kantil marang barang-barang kaya mobil, motor lan pomahan -- dianggep pada karo Kuncung sing seneng banget marang sandal jepite.

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu

Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.


















Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com

"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil

"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane" 

"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil

"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil

"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru"  nasehate Kancil

"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"

"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil

"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.

Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane (undil -2014).


gambar diambil dari painting-palace

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Pitik Nggutil lan gedhang goreng ning plataran Bakso Bangjo

Dina senen pas prei dawa, Izal lan Reza lagi lingguh-lingguh ning njaban warung Bakso Bangjo karo dolanan sepur-sepuran Thomas and friends. Izal dolanan lokomotif biru sing jenenge Thomas. Reza nyenuk karo lokomotif ijo, jenenge Percy. Cah loro dolanan asyik banget ngantek ora ngerti menawa ana pitik nyedak-nyedak, arep mangan gedhang goreng ning piring sing dinggo pacitane bocah loro.

Pitik jago gedhi sing jenenge Nggutil kuwi sajake isih mikir-mikir. Dheweke lagi ngira-ira, cah loro kuwi ethok-ethok ora weruh, apa pancen ora nggatekke menawa gedhang gorenge diinceng dening Si Nggutil. Pitik kuwi sumelang menawa dheweke malah dicekel, terus gentenan ditumpaki cah loro. Soale cah loro kuwi isih batita, dadi Nggutil khawatir pada durung ngerti menawa pitik ora iso ditumpaki kaya pit roda telu.  duniashinichi.blogspot.com

"Lha nek sing numpaki Izal ya rapapa wong awake isih cilik. Nanging nek sing numpaki Reza sing wis gedhi kuwi, rak ya aku kelakon ndadak pijet ning panggone Mbakyu Menthog" pikirane Pitik Nggutil.

Cerita Lucu Basa Jawa: Mbah Darmo Tuku Susu

Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga

Penjaga: 
Badhe mundhut punapa Mbah?

Mbah Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.

Mbah Darmo:
Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?

Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Darmo

Penjaga: http://duniashinichi.blogspot.com
Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!

Mbah Darmo:
Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok diundang simbah?

Penjaga:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!

Mbah Darmo:
Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang Mbokdhe! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???

Kanca-kancane Penjaga Toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone Mbah Darmo.  Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido ngundang simbah marang Mbah Darmo. Diganti ngundang "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone (Undil-2013)

tags: cerkak bahasa jawa

 

Puisi Cinta Basa Jawa tentang Asmara yang Membara: Geguritan Asmaradana

Kabeh dongeng
lelakon awake dhewe
embuh iku apa jenenge
sakjane saukur rasa sing ndadra
amarga saka kulina
Tan perlu diagul-agulke
uga ora sah ngangsa
pasrah lan sumeleh
ben kabeh mlaku kaya sakmesthine
undil-2012

Puisi Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa - by Undil

Pripun kabaripun Mbah
mugi-mugi panjenengan
tansah diberkahi samudayanipun
pun ugi garwa lan sedaya kaluwarga
tan kendat saking kasih sayang Ilahi

Ing dinten bahagia punika
kawula ngaturaken sugeng tanggap warsa
kanthi tulusing athi
Sumangga kita dunga dinonga
supados manah kita tansah lega lila
marang pepesthen Ilahi,   
minangka kunci kabahagiaan sejati

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

 Cerita Lain:
Cerita Lucu Basa Jawa: Lomba Nyanyi Bayi Altap vs Pitik Kementhus


Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu


Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (Majda Yulianingrum)

Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
 
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.  

Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
 duniashinichi.blogspot.com
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji. Majda Yulianingrum

Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).

Tulisan lain:

Arya Penangsang - Kisah Tohpati Sang Panglima Jipang Panolan melawan Perampok Kademangan Pudak Muncul
Cerita Lucu Pithik Nggutil Ngindik Gedang Goreng
Cerita Lucu Jaran Putih Pak Kadus

Cerita Cekak Lucu Bahasa Jawa: Jaran Putih Pak Kadus


Pak Kadus nduwe jaran putih sing awake gedhe banget lan wulune putih memplak kinclong-kinclong. Jaran kuwi arane Turangga Seta. Kalebu jaran pilihan amarga awake rosa, lakune lincah lan mlayune banter banget. Ing tlatah Nusantara mungkin saukur Gagak Rimang, jarane Arya Penangsang sing iso ngalahke Turangga Seta. Saben ndina kebiasaane Turangga Seta dolan ning lapangan, utawa mlaku-mlaku turut pinggir ndesa, amarga ora ana gawean sing kudu ditandangi. 

Pak Kadus nduwe profesi dadi tukang gawe meriam-- langganane armada  kapal-kapal perang Ksatria Jepara-- amarga meriame wis terbukti kasil nyilemke pirang-pirang perahu Portugis wektu tempur ning tlatah sabrang lor, yaiku Selat Malaka. Jalaran sanes petani, kewan-kewan sing diingu Pak Kadus ora ana sing kudu kerja keras ning sawah,tugase sakderma dadi kelangenane Pak Kadus. Penduduk Kadipaten Jepara pancen arang-arang sing dadi petani, akeh-akehe dadi pedagang lan pengrajin, amarga ekonomi Jepara ngandelke perdagangan internasional.   
  
Sakjane tugase Turangga Seta iku dadi jaran tumpakane Pak Kadus. Nanging jalaran Pak Kadus ngrumangsani wis tuwo, dheweke wis arang-arang numpak jaran meneh. Malah dheweke wis tau nolak naliko arep disekolahke bab modifikasi meriam ning Stambul -- amarga rumangsa ora kuat meneh numpak kapal nganti pirang-pirang sasi.

















Suwijining ndina jaran sing biasa narik andhong sikile kesleo, terus dirawat ning omahe Pak Mantri tangga desa. Ndilalahe dina kuwi pakane Turangga Seta pas enthek, dadi Pak Kadus kudu tuku pakan ning pasaring Kutho Jepara. Jarak omahe Pak Kadus karo pasar kurang luwih sepuluh kilo. Pak Kadus butuh kendaraan kanggo mara ndana. Sarene jaran sijine lagi lara, Pak Kadus arep nganggo Turangga Seta dinggo narik andhong.

Turangga Seta kaget nalika Pak Kadus marani kandhange, masang tali ning awake, banjur di geret nyedaki  andhong. Turangga Seta tambah kaget nalika dheweke diakon narik andhong dening Pak Kadus.

“Weleh-weleh Pak Kadus ini apa tho karepe? Aku lagi enak-enak turu malah kon narik andhong?” pikirane Turangga Seta

Sarene Turangga Seta ora gelem mlaku arepa taline andhong wis disendal-sendal, Pak Kadus banjur ngetokke pecut. Bokonge Turangga Seta dipecut ben gelem mlaku. Turangga Seta kaget banget dipecut bokonge. Saklawase dheweke lagi sepisan iki dipecut karo Pak Kadus.  Jaran kuwi banjur mlaku amarga wedi bakal dipecut meneh.  Awale mlakune timik-timik, wasan dipecut ping pindho karo Pak Kadus dadi mlayu radha banter.

Karo mlayu manut arahane Pak Kadus, Si Turangga Seta grenengan ning ati.

“Iki Pak Kadus arep ngapa tho ndadak ngajak aku mlaku-mlaku adoh kaya ngene. Mbok nek arep mlaku-mlaku ki ning cerak omah wae ben ora kesel.  Ora ngerti popiye nek mlayu ngeneki  agawe sikilku pegel-pegel!”

Turangga Seta terus mlayu narik andhong  lewat dalan kampung sing wis alus. Ananging sakwise tekan ning pinggir pantai dheweke kudu liwat dalan sing akeh wedine. Mlayune dadi rada angel. Turangga Seta banjur mlayune san saya rindhik, malah suwe-suwe dadi mlaku timik-timik meneh.  Pak Kadus weruh Turangga Seta mlaku rindik banget,  banjur mecut bokonge Turangga Seta.  

Jebretttt!

Dipecut sepisan Turangga Seta tetap mlaku timik-timik. Rumangsane Pak Kadus kur arep mecut sepisan wae, dadi ora apa-apa ora sah dirasakke.

Jebretttt!  Jebretttt! Jebretttt!

Pak Kadus mecut bokonge Turangga Seta ping telu. Banjur mecut meneh gegere Turangga Seta ping loro ngantek jaran kuwi kaget banget. Dheweke kaget amarga ora ngira Pak Kadus bakal mecut bola-bali. Kepeksa dheweke mlayu meneh narik kereta lewat dalan sing akeh wedine kuwi.  Karo grundelan Turangga Seta mlayu kanthi ngati-ati ben ora kepleset

“Prendis tenan iki!. Aku kok dikon peplayon terus kawit mau.  Ngapa tho Pak Kadus iki kok aneh-aneh wae?. Ngajak lelungan menyang pasar ki ngapa tho?. Lha mbok tenguk-tenguk ning ngomah wae rasah kakean polah kaya ngene!  Dasar prendis!

Turangga Seta ora ngerti menawa pasar kuwi papane wong adol pakan kanggo dheweke. Pasar ing kutho Jepara kalebu pasar sing paling rame ing tlatah Nusantara. Papane ning pinggir pelabuhan Jepara. Pedagang sing dodolan ning kono rata-rata nduwe kapal dagang. Asale saka rupa-rupa bangsa, kalebu bangsa Arab, India, Cina, Afrika, Portugis, Perancis, Inggris, lan uga pedagang Jawa. Saudagar-saudagar Pulau Jawa terkenal nduwe kapal-kapal dagang raksasa sing diarani kapal Jung, kanggo ngangkut rempah-rempah saka tlatah pulau-pulau wetan kaya Ternate lan Tidore.

Biasane Pak Kadus menyang pasar seminggu sepisan. Mulihe dheweke nyangking barang-barang kanggo gawe meriam kayata: wesi, kuningan, lan perunggu. Kadang-kadang Pak Kadus mampir pabrik mesiu ning Bergota saperlu tuku bahan peledak dinggo njajal meriam. Pak Kadus ora lali mesthi tuku pakan dinggo ingon-ingone, kalebu kanggo Si Turangga Seta. Dina iki malahan Pak Kadus kur tuku pakane Turangga Seta thok, jalaran mesakke menawa Turangga Seta sing ora kulina narik andhong, kudu narik andhong sing momotane akeh.

Cerita Cekak Lucu Basa Jawa: Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Suwijining dina pas wektu istirahat kantor, Ima lunga metu sakperlu jajan bakso malang komplet ning warung Bakso Bangjo. Ndilalahe pas parkir ning ngarep Bakso Bangjo, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.

Sakwise rampung mangan bakso, Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok kunci mobile Ima iso dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.

Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku isa dinggo mbukak mobile wong liya?

Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung iso dinggo mbukak siji mobil thok, ora iso dinggo mobil liyane!

Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki iso mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh! Majda Yulianingrum

Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mbrono ngecek mobile Mbak Ima

Ima:
Cepet ya Pak! Yen sak kunci iso dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya tho! Mobilku iso kleru karo mobile wong liya! Majda Yulianingrum

Dealer:
Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi. 
duniashinichi.blogspot.com

Sakwise sauntara waktu sing nduwe mobil wis rampung jajan bakso lan marani mobile. Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, iso dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.

Ima:
Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere njih!

Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:
Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake iso mlebu mobilku wong ora tak kunci je. Soale anakku lingguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika ngadek... 

Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:
Halo Mbak Cantik. Sorry njih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh Mbake mlebu mobil.

Ima:
Gubrakkkkk!!
(Undil-2012)

Cerita Lucu Bahasa Jawa: Pitik Mogok Mangan


Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane


















Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

^_^

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh mbokne ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Majda Yulianingrum:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Majda Yulianingrum:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Cerita Lucu Bahasa Jawa: Kopi Kucing by Undil

Suwijining ndino Setro Mino mertamu ning ngomahe Setro Njingik.
Dheweke disuguhi kopi karo Setro Njingik. Sajake kopine enak tenan,
soale Setro Njingik muja-muji ngalembana marang kopi sing disuguhake.
Setro Mino banjur nyruput kopi amarga penasaran marang rasane.














Setro Mino:
Iki kopi apa tho kok rasane rada kecut?

Setro Njingik:
Kuwi kopi istimewa, meh padha karo kopi luwak sing larang kae

Setro Mino:
Woo ngono tho, kopi apa jenenge?

Setro Njingik :
Kopi kucing, aku gawe dhewe

Setro Mino:
Gaweanmu dhewe tho, apa sebape diarani kopi kucing?

Setro Njingik:
Sebape diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurungne diolah, kopi kucing dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, ning ben gampang aku nanggo kucing wae.

Setro Mino:
Kucing doyan kopi pa?

Setro Njingik:
Ya ora no. Kopine tak gerus rada kasar, trus tak campur ikan asin, bar kuwi lagi tak pakakke kucing.

Setro Mino (wetenge mulai mules) :
Terus...

Setro Njingik:
Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing banjur gerusan kopi disaring, dikumbah, dipepe nganti garing banjur digiling meneh nganti alus. Lha iki sampeyan sing pisanan nyoba kopi kucing loh, wong rong tau ana sing tak suguhi kopi kucing. Aku dhewe arep ngrasakke ora tegel je. Piye Kang, enak ora rasane?

Setro Mino:
Hoeeeeeekkkk! Hoeeeekkkkk! (Undil - 2012)

gambar diolah dari : www.lonvig.dk

Cerita lucu lain:
Pitik Mogok Mangan
Bakso Bangjo lan Kucing Klawu
tags: blog bahasa jawa, cerita bahasa jawa, cerita lucu basa jawa

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Andong lan Laler Cilik

Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.



Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok (Undil Okt 09).

bacaan:
Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta


tags: blog bahasa jawa, cerkak, cerita cekak, cerita pendek bahasa jawa, cerkak anak

Cerita Pendek Lucu Bahasa Jawa: Bakso Bangjo lan Kucing Klawu

Suwijining dina Mbak Dewi, yaiku koki sing nduwe warung Bakso Bangjo weruh Kucing Klawu lagi mlaku-mlaku ning ngarep warung baksone. Jalaran si Kucing Klawu kethoke kaliren, kurang mangan, banjur Mbak Dewi inisiatif ngenehi mangan. Dheweke ujuk-ujuk mlayu ning tengah ndalan, nyegat lakune kucing klawu.

“Stop, stop Cing. Mrene-mrene, mampira disik, tak wenehi bakso urat”

Kucing klawu mung meong-meong karo gumun. Kok ana uwong nyegat lakune kur arep ngewenehi pangan. Apa sajak aku kethok kurang pangan ya? Padahal sejatine Kucing Klawu lagi diet.

Jare kanca-kancane awake mulai kelemon. Dadi ya wis wayahe diet. Tur Kucing Klawu ya ngrasakake menawa awake rada angel diajak mlayu. Boro-boro ngoyak tikus, kon ngoyak menthog sing mlakune rindik tur megal-megol we dheweke wis ngos-ngosan marga kabotan awak.

Kucing Klawu mikir-mikir nek arep nolak tawaran bakso urat. Menawa ditolak, gek-gek dheweke dikiro sombong. Umuk, ora gelem mangan panganan sing diwenehke dening uwong. Ya uwislah ora papa, aku tak leren diet sedina wae. Mangan daging bakso sithik rak ya ora papa.

Kucing Klawu terus lingguh karo ngetamul mangan bakso. “Wah jebul rasane ya enak tenan je. Bakso urat iki mesthi sing gawe ya bakat koki. Amarga rasane maknyus banget. Wah, aku pengen mangan meneh ki. Piye ya carane ya?” pikire Kucing Klawu.

Kucing klawu marani keset, terus dicokot-cokot karo diemut pojoke. Karepe dheweke pengen ngethokake menawa isih ngeleh. Nanging Mbak Dewi ora ngerti karepe si kucing. Dikirane si kucing lagi sikatan bar mangan.

“Wah nek arep sikatan aja nganggo keset. Iki tak wenehi kain resik dianggo sikatan” Mbak Dewi ngulungke kain lap resik marang kucing klawu.

Kucing klawu kaget. Loh aku kok malah diwenehi lap tho. Wong pengene mangan bakso je, kok malah diakon sikatan. Wah nek ngono aku arep nyoba cara liyane.

Kucing klawu trus nyedhaki suketan ning ngarep Bakso Bangjo. Dheweke mangani suket, tujuane ben Mbak Dewi ngerti menawa dheweke isih ngeleh. Dicokoti suket trus dipangan, sebagian dilepeh meneh ben kethok nek dheweke mangani suket.

Mbak Dewi kaget. Lho kucinge kok malah mangani suket. Wah iki mesti dheweke pengen sehat terus mangan sayur-sayuran. Wah kucing kang sadar kesehatan ki. Mbak Dewi seneng, terus njukuk slada arep diwenehke kucing klawu.

“Iki loh tak wenehi slada. Nek pengen lalapan ojo mangan suket, mangan slada wae”

Kucing Klawu tambah kaget. Wah aku kudu mangan slada ki. Kepeksa dheweke kremus-kremus mangan slada arepa ora seneng. Wah piye ya ben dheweke ngerti nek aku pengen mangan bakso meneh?

Ndilalahe Kucing Klawu weruh pembantu Bakso Bangjo lagi ngangkat balungan saka njero kuah bakso, arep dibuang. Wah iki! Nek aku ndilati balungan mesti sing duwe bakso ngerti menawa aku isih ngeleh.

Kucing klawu terus ndilati balung bakso sing didelehake ning nduwur godong gedhang. “Wah rasane gurih, enak banget” batine kucing klawu. Dheweke ndilati karo muni meong-meong ben Mbak Dewi weruh nek dheweke isih ngelih.

Nanging Mbak Dewi sing weruh Kucing Klawu ndilati balung malah kaget.
“Wooo la, koweki ngelak tho kok ndilati kuah bakso. Iki loh tak wenehi susu murni” ujare Mbak Dewi karo ngecurke susu ning gelas plastik ben diombe kucing klawu.

Kucing klawu mak jegagik, kaget! Kok malah diwenehi susu?. Dikirane dheweke ngelak terus ndilati kuah bakso sing tememplek ning balung pa?. Wah aku dadi bingung ki. Wis pirang-pirang cara tak lakoni, sing duwe bakso durung ngerti nek aku isih ngelih.

Dumadakan kucing klawu weruh Zea Maysa nangis. Cah cilik sing mbiyen tau ngenehi mangan marang dheweke iku lagi digendong Ibune sing lagi dolan ning Bakso Bangjo. Ibune tanggap terus ngenehi mangan marang Zea Maysa ben tangise meneng.

“Woo lakok gampang carane. Rasah reka-reka, garek nangis wae, Ibune wis langsung ngerti nek pengen mangan” ujare Kucing Klawu.

“Nek ngono aku tak meong-meong wae ben sing nduwe bakso ngerti nek aku isih ngelih”

Kucing klawu banjur meong-meong karo nyundul-nyundul sikile Mbak Dewi. Mesthi wae Mbak Dewi kaget, ning terus ngguyu.

“Woo, kowe ki isih ngeleh tho! Iki tak wenehi bakso urat maneh”

Kucing klawu seneng banget diwenehi bakso urat enak banget. Dheweke terus lingguh ngetamul mangan bakso urat (undil, 01 maret 2009)


tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak