Cerita Cekak Bahasa Jawa: Pitik Nggutil lan gedhang goreng ning plataran Bakso Bangjo

Dina senen pas prei dawa, Izal lan Reza lagi lingguh-lingguh ning njaban warung Bakso Bangjo karo dolanan sepur-sepuran Thomas and friends. Izal dolanan lokomotif biru sing jenenge Thomas. Reza nyenuk karo lokomotif ijo, jenenge Percy. Cah loro dolanan asyik banget ngantek ora ngerti menawa ana pitik nyedak-nyedak, arep mangan gedhang goreng ning piring sing dinggo pacitane bocah loro.

Pitik jago gedhi sing jenenge Nggutil kuwi sajake isih mikir-mikir. Dheweke lagi ngira-ira, cah loro kuwi ethok-ethok ora weruh, apa pancen ora nggatekke menawa gedhang gorenge diinceng dening Si Nggutil. Pitik kuwi sumelang menawa dheweke malah dicekel, terus gentenan ditumpaki cah loro. Soale cah loro kuwi isih batita, dadi Nggutil khawatir pada durung ngerti menawa pitik ora iso ditumpaki kaya pit roda telu.  duniashinichi.blogspot.com

"Lha nek sing numpaki Izal ya rapapa wong awake isih cilik. Nanging nek sing numpaki Reza sing wis gedhi kuwi, rak ya aku kelakon ndadak pijet ning panggone Mbakyu Menthog" pikirane Pitik Nggutil.


Nggutil sakjane gegeden rumangsa lan rada lebay menawa wedi ditumpaki. Bocah loro kuwi ora bakal gelem numpaki Nggutil, amarga awake mambu prengus jalaran ora tau adhus.

Pitik Nggutil terus mlipir-mlipir nyedaki piring. Wasan jarake karo piring garek kurang telung langkah, dheweke kepingin ngetes kawaspadane cah loro kuwi. Nggutil banjur nyoba-nyoba notholi sandale Reza. Ternyata cah loro isih tetep asyik dolanan sepur-sepuran. Terus Nggutil njajal meneh notholi trempolong ning cedhak kono, ternyata cah loro iya ora mengo ndeloki Nggutil. Isih durung mantep, pungkasane Nggutil njajal notholi dingklik sing dinggo deleh piring, ternyata cah loro isih meneng wae.

"Wah kebeneran iki, bocah loro ora  ngatekke tekaku. Aku iso nothol gedhang goreng ora bakal konangan" pikirane Nggutil kanthi ati bungah.

Nanging sak durunge Pitik Nggutil kelakon nothol gedhang goreng, dumadakan teka Mbak Dewi, sing nduwe Bakso Bangjo, marani dingklik terus njukuk piring isi gedhang goreng karo ngomong:

"Reza lan Izal wis pada wareg tho, kok gedhange ora dipangan?. Yo uwis, nek ngono gedhange tak pangan bareng Mbak Majda wae, ndak selak adem"  

Bar kuwi Mbak Dewi terus mlebu meneh ning warung Bakso Bangjo, arep neruske anggone ngedoli wong-wong sing lagi antri jajan bakso malang ning kidul Pasar Bantul kuwi.

Pitik Nggutil kaget banget weruh gedhang goreng digawa mlebu ning jeron warung. Dheweke getun banget amarga gedhang goreng ora sida dadi santapane.

"Wah sial tenan aku ki. Ndadak kakean ngetes barang, dadine gedhange malah dijukuk meneh karo sing nduwe. Weleh-weleh nek kaya ngene kiyi, sore iki aku kelakon mangan sega mambu meneh" (undil-2013)

0 komentar:

Post a Comment