Cerita Cekak Bahasa Jawa: Gunung emas dudu gunung kutukan

Pak Kadus biasane mutuske dasare kemaslahatan penduduk kampung. Titik! Ora nganggo embel-embel demokrasi!

^_^

Dina iki ana gegeran gedhe ing desa Gunung Mas. Panyebape Si Paijonudin sing biasa mburuh tani, nemokake kerikil emas ning gunung. Desa Gunung Mas iku ngapit gunung cilik sing diarani Gunung Mas. Gunung kuwi diametere kurang luwih pitung kilometer. Luwih saka rong protelone wujude alas cilik sing akeh wit-witan gedhe. Sajake umur wit-witan iku wis atusan tahun, amarga batange ambane luwih saka telung meter. Awit saking akehe wit-witan iku tanah lan tegalan Desa Gunung Mas iso ditanduri sepanjang tahun amarga ora tau kurang banyu arepa lagi mangsa ketiga.   

Paijonudin nemu emas kuwi naliko lagi ngedhuk lemah kanggo nandur wit pelem. Wasan emas dipriksakke ninggone tukang kemasan, disimpulke menawa emas kuwi emas tenanan, dudu emas ethok-ethokan. Ringkese wong sakdesa geger, terus akeh uwong sing pada berbondong-bondong menyang Gunung Mas saperlu golek wiji mas.

Nanging esuke, wong-wong kuwi ora iso nerusake golek emas, amarga dipenging dening Pak Kadus. Pemimpin Desa Gunung Emas iku ngerahke Ki Jagabaya sak balane kanggo nyegah wong-wong pada golek emas. Dina kuwi Pak Kadus enggal-enggal ngumpulake kabeh warga desa Gunung Mas saperlu pidato, nerangake alasan dheweke menging penduduk golek emas. Sakwise kabeh penduduk pada kumpul, Pak Kadus mulai pidato. duniashinichi.blogspot.com

Isi pidatone kurang luwih Pak Kadus cerita, menawa dheweke asale saka suwijining pulau kang aran Pulau Mas ing tlatah wetan. Miturut Pak Kadus rikala dheweke isih enom, ing Pulau Mas ana Pak Tani sing nemokake wiji mas. Persis kaya kedadian Si Paijonudin. Sakwise kabar ditemokake wiji mas kuwi nyebar, wong-wong saka desa-desa liya, saka kecamatan liya, malahan saka pulau-pulau lan propinsi liya pada mara saperlu golek emas. Awale jumlahe saukur atusan uwong. Nanging banjur mundak terus pendak tahun, ngantek puluhan ewu uwong mara ndono saperlu golek emas sing pancen akeh tenan jumlahe.

Tekane puluhan ewu wong iku agawe perubahan ning Pulau Mas. Penduduk sing maune tani, saiki dadi tukang golek emas. Akeh penduduk sing alih profesi dadi tukang nyewakke omah dinggo wong-wong sing golek emas. Pancen penduduk lokal mundak akeh pametune. Nanging rega-rega barang uga melu mundak, dadi ya sanajan pametune gedhe, duwite wis ora aji. 

Beras sing maune saukur 7000 rupiah sak kilo, saiki dadi 50.000 rupiah, amarga ora ana sing gelem nandur pari meneh. Buruh-buruh tani alih profesi dadi tukang golek emas. Samana uga petani-petani sing nduwe sawah lan tegalan wis ora kober ngurus tanahe meneh amarga sibuk bisnis liyane, saka bisnis dadi calo lemah, ngojeg, tukang parkir, pelayan bar ngantek dadi tukang dodol minuman keras gelap.

Moral penduduk uga rusak. Menawa sakdurunge ing Pulau Mas arang-arang ana kejahatan, saiki meh mbendina ana tindakan kejahatan. Mulai saka perang antar geng, maling, rampok, ruda peksa, mateni wong, judi, lan narkoba. Copet ning endi-endi papan. Tukang todong nguasani dalan sakwise jam pitu bengi.  Meh saben dina ana wong mati amarga gelut sabubare mabuk-mabukan ning bar. Pokoke urip ning kono wis ora tentrem meneh. Banyu lan lemah tercemar air raksa sing dinggo murnikan emas. Dadi ya tembe mburine akeh wong sing lara aneh-aneh amarga ajeg ngombe banyu sing mengandung air raksa.     

Paseduluran uga rusak. Wong gelem kerja yen ana dhuwite. Menawa mbiyen wong gampang diajak urunan ndadani omahe tanggane, terus gotong royong ngresikki kali, saiki wis ora ana sing gelem meneh. Kabeh mikir diri lan keluargane dhewe-dhewe. Pokoke uripe saiki masing-masing. Mbiyen gawe omah cukup modal 10-20 juta wis iso dadi omah sederhana kanthi gotong royong, saiki modal 100 juta ya hurung iso dadi omah, amarga material lan biaya tukang dadi larange pol.

Sanajan penduduk desa pametune mundak gedhe, nanging kualitas uripe mudhun adoh. Mbiyen kabeh uwong nduwe omah arepa sederhana, saiki rega lemah larang, material larang, biaya tukang larang dadine arang-arang wong sing nduwe omah dhewe. Akeh-akehe ngontrak. Lemah penduduk dituku karo cukong-cukong tambang emas. Banyu dadi angel amarga uwit-uwit ditegori saperlu digoleki emase ning papan kono. Pokoke ditemokake emas malah dadi jalaran kasangsaran penduduk, ora agawe tambah mulya uripe.

Pak Kadus nutup pidatone kanthi pesen marang kabeh penduduk desa supaya aja pisan-pisan golek emas ning Gunung Mas. Mengko tembe mburine bakal getun sakgetun-getune menawa desa dadi rusak amarga efek samping anane tambang emas. Pak Kadus uga pesen menawa dheweke ora main-main karo larangan iku. Sapa wae sing wani-wani golek emas bakal diadepi nganggo kekerasan dening Ki Jagabaya sak balane. 

Mesthi wae ora ana penduduk sing wani, sebape kekejeman Ki Jagabaya ora sah diragokke. Penjaga desa iku tau nggebuki rampok cacahe papat nganthek setengah mati sinambi ndulang anake. Anak buahe sing cacahe selawe uga ora kalah nggegirisi. Wis tau ana komplotan maling kayu saka luar pulau, cacahe satus wong, dicekel dening anak buahe Ki Jagabaya. Padahal maling kayu kuwi pada nggawa senjata tajam, malah ana sing nggawa pistol barang. Nanging kabeh iso dikalahke dening anak buahe Ki Jagabaya. Satus maling kuwi nalika dikumpulake ing Bale Desa pada mbrangkang kabeh, jalaran wis ora iso mlaku jejek meneh.

Pak Kadus uga mratelakake menawa emas ing Gunung Mas bakal di tawarake ning perusahaan tambang profesional. Penduduk desa ora sah melu-melu. Wong saka desa liya uga ora bakal oleh melu nambang. Lemah sing enthuk ditambang saukur lemah sing ora ana wit-witane, sing luase kurang luwis sakprotelon Gunung Mas. Sing ana uwite ora pisan-pisan bakal diijinke ditambang, amarga kuwi sumber simpenan banyu kanggo pertanian. 

Hasil tambang bakal dibagi loro, setengah dinggo desa, setengahe dinggo perusahaan profesional. Nambange uga ora ethuk gedhen-gedhen. Buruh tambang ora ethuk luwih saka selawe uwong, amarga Pak Kadus ora pengen Desa dadi rame amarga kakehan wong golek emas. Mengko duwit bagi hasil dianggo mbangun Desa, kayata gawe irigasi, gawe bendungan, mbangun kandang sapi, tuku ternak, pokoke dianggo makmurke penduduk desa. Nek perlu Pak Kadus saguh ngundang akuntan publik kanggo mrikso penggunaan uang saka bagi hasil tambang.

Penduduk desa gelem ora gelem ya kepeksa manut karo keputusane Pak Kadus. Ora ana sing wani maido, arepa sakjane akeh sing kepengen ngajak sanak sedulure sing isih nganggur supaya melu golek emas ning kono. Wong-wong kuwi sadar menawa Pak Kadus ora bakal peduli arepa dibujuk supaya ngijinke nambang kanthi alasan "tambang untuk rakyat" utawa "emas kanggo wong cilik". Apa meneh diajak mutuske nganggo pemungutan suara, mesthi ora gelem. Dheweke ora percaya demokrasi. Pak Kadus biasane mutuske dasare kemaslahatan penduduk kampung. Titik! Ora nganggo embel-embel demokrasi!. Amarga saka kawicaksanan kuwi, Desa Gunung Mas luwih maju tinimbang desa-desa tanggane (Undil-2013). 

   
inspired dening rhenald kasali - emas diuji dg api, manusia diuji dg uang

1 comment: