Dongeng Bahasa Jawa: Bayi Altap lan Perjodohan Deruk Puruk

Bayi Altap kaya biasane lagi lingguh-lingguh ning nduwur stroller (kereta bayi) biru ing teras mburi omahe Eyang karo nyawang pemandangan akuarium air laut. Ing sasi pasa iki wis sakwetara dheweke diajak Bunda Majda liburan ning omahe Eyang. Dumadakan ana manuk deruk mencok ning cedhak akuarium terus langsung ngajak ngobrol Altap. Kebon mburi omahe Eyang pancen jembar lan akeh kewan-kewan sing seneng saba ndono amarga ora tau diganggu.

"Yi, bayi jenengmu sapa? Kok aku saiki kerep weruh kowe ning kene?" pitakone Deruk

"Awawawawa wawawa wawa. Jenengku Altap, putrane Bunda Majda. Aku lagi diajak Bunda liburan ning omahe Eyang" jawabe Altap

"Woooo ngono tho. Menawa aku jenenge Deruk Puruk. Aku wiwit lahir wis omah ning kebon kene. Nanging saiki aku lagi galau. Sasi wingi aku pindah seka omahe simbokku ning omah anyar. Biasane ning omah akeh kancane. Saiki aku dhewe ning omahku sing anyar. Wit mlinjo sing sisih kulon kuwi loh omahku"

"Lah kowe kok ora ngajak kanca ning ngomahmu? Rakyo dadi rame tho omahmu!"

"Woooo lah wis pada nduwe omah dhewe-dhewe je kancaku. Tur aku kudune wis omah-omah karo Deruk wedok, ning aku golek-golek durung ethuk je!"

Bayi Altap banjur mikir sedhela. Dumadakan dheweke kelingan pendak sore sok ana deruk ungu karo deruk putih wedhok mencok cedak stroller Altap. Deruk loro kuwi omahe ning wit ringin tengah pasar. Pendak dino ethuk pangan saka turah-turahan biji-bijian sing diguwang karo pedagang. Dadi yo uripe penak lan makmur rasah golek pangan adoh-adoh.  Deruk loro kuwi seneng cerito ngeciwis karo Altap bab pengalaman rupa-rupa peristiwa ning pasar, uga warna-warna tingkah polah uwong ning pasar. 

"Mbok uwis kowe karo Deruk Ungu apa Deruk Putih sing sok moro ndene kae loh!"

"Wah lah aku minder je. Kae wulune pada apik-apik, ora kaya wuluku sing klawu" semaure Deruk Puruk

"Weleh-weleh, mbok dicoba ndisik. mengko tak ewangi ngomong wis!"

Dongeng Bahasa Jawa: Kancil lan Manuk Blekok Sing Wicaksana.

Ing sasi pasa iki wis sakwetara Bayi Altap diajak Bunda Majda liburan ning omahe Eyang. Kaya adat saben, nalika Bunda Majda masak hidangan buka puasa --- Bayi Altap didelehke ning nduwur stroller (kereta bayi) biru ing teras mburi omahe Eyang. BIasane ana Kancil dolan ndono sakperlu dongengke Altap. 

Nalika lagi enak-enak ngurogokke dongenge Kancil, dumadakan ana manuk wulune putih campur klawu, cucuke dowi, lan sikile uga dowi banget -- mencok ning kursi cedak stroller, terus ngeciwis ngajak ngobrol Altap. Kebon mburi omahe Eyang pancen jembar banget, lan isih akeh kewan-kewan liar sing seneng dolan amarga ora tau diganggu.

"Yi, bayi jenengmu sapa? Kok aku saiki kerep weruh kowe ning kene?" pitakone Si Manuk