Dongeng Bahasa Jawa: Kancil lan Manuk Blekok Sing Wicaksana.

Ing sasi pasa iki wis sakwetara Bayi Altap diajak Bunda Majda liburan ning omahe Eyang. Kaya adat saben, nalika Bunda Majda masak hidangan buka puasa --- Bayi Altap didelehke ning nduwur stroller (kereta bayi) biru ing teras mburi omahe Eyang. BIasane ana Kancil dolan ndono sakperlu dongengke Altap. 

Nalika lagi enak-enak ngurogokke dongenge Kancil, dumadakan ana manuk wulune putih campur klawu, cucuke dowi, lan sikile uga dowi banget -- mencok ning kursi cedak stroller, terus ngeciwis ngajak ngobrol Altap. Kebon mburi omahe Eyang pancen jembar banget, lan isih akeh kewan-kewan liar sing seneng dolan amarga ora tau diganggu.

"Yi, bayi jenengmu sapa? Kok aku saiki kerep weruh kowe ning kene?" pitakone Si Manuk


"Awawawawa wawawa wawa. Jenengku Altap, putrane Bunda Majda. Aku lagi diajak Bunda liburan ning omahe Eyang" jawabe Altap

"Woooo ngono tho. Menawa aku jenenge Blekok. Aku wiwit lahir wis omah ning kebon kene. Kae loh ning uwit sing duwur-duwur kuwi aku lan kanca-kancaku pada gawe susuh"

"Lah kowe ki senengane mangan apa tho? Kok aku ora tau weruh kowe golek pangan neng kebon kene kaya pitik lan deruk?"

"Senenganku mangan iwak, kodok, keong, lan kewan-kewan cilik ning sawah"

"Lah kuwi ana blumbang jembar banget ning kebon tur akeh gramehe, kok kowe ora tau golek grameh ning kono"

"Wooooo kuwi iwake diingu karo Eyang. Aku karo blekok-blekok liyane ora wani golek iwak ning kono. Tur ya isin barang karo Eyang. Wis manggon ning kebon ora tau diganggu kok malah nyekeli iwak ingon-ingone Eyang. Ngisin-isini tenan kuwi!"

"Alasane kuwi tho. Pantes pendak esuk blekok-blekok pada mabur ngidul. Jebule pada golek iwak ning sawah tho?"

"Hooh. Bener Altap. Kebon kene iki wis mantep tenan dianggo omah. Dadi ya blekok-blekok ora wani golek pangan ning kene, wedi nek malah gawe masalah lingkungan sing wis tentrem. Mulane aku karo kanca-kancaku golek ning papan-papan sing adoh, kayata sawah, pinggir kali gede, malah sok-sok tekan muara kali ning pinggir segara, soale ning kana akeh tenan iwake"  

Kancil sing wiwit mau saukur ngrungokake obrolane Altap karo Blekok kuwi banjur nimbrung melu ngomong:

"Bener kowe Blekok lan kanca-kancamu. Kowe pada golek pangan ning sawah ora ning kebon iku bijaksana. Manfaate pitik, menthok, lan kewan-kewan sing ora iso mabur rasah adoh-adoh anggone golek pangan. Mesaake tho menawa kewan kaya menthok sing mlakune thimik-thimik kepekso lungo adoh banjur lali dalan mulih!" (Undil-2015)


0 komentar:

Post a Comment