Dongeng Bahasa Jawa: Bayi Altap lan Perjodohan Deruk Puruk

Bayi Altap kaya biasane lagi lingguh-lingguh ning nduwur stroller (kereta bayi) biru ing teras mburi omahe Eyang karo nyawang pemandangan akuarium air laut. Ing sasi pasa iki wis sakwetara dheweke diajak Bunda Majda liburan ning omahe Eyang. Dumadakan ana manuk deruk mencok ning cedhak akuarium terus langsung ngajak ngobrol Altap. Kebon mburi omahe Eyang pancen jembar lan akeh kewan-kewan sing seneng saba ndono amarga ora tau diganggu.

"Yi, bayi jenengmu sapa? Kok aku saiki kerep weruh kowe ning kene?" pitakone Deruk

"Awawawawa wawawa wawa. Jenengku Altap, putrane Bunda Majda. Aku lagi diajak Bunda liburan ning omahe Eyang" jawabe Altap

"Woooo ngono tho. Menawa aku jenenge Deruk Puruk. Aku wiwit lahir wis omah ning kebon kene. Nanging saiki aku lagi galau. Sasi wingi aku pindah seka omahe simbokku ning omah anyar. Biasane ning omah akeh kancane. Saiki aku dhewe ning omahku sing anyar. Wit mlinjo sing sisih kulon kuwi loh omahku"

"Lah kowe kok ora ngajak kanca ning ngomahmu? Rakyo dadi rame tho omahmu!"

"Woooo lah wis pada nduwe omah dhewe-dhewe je kancaku. Tur aku kudune wis omah-omah karo Deruk wedok, ning aku golek-golek durung ethuk je!"

Bayi Altap banjur mikir sedhela. Dumadakan dheweke kelingan pendak sore sok ana deruk ungu karo deruk putih wedhok mencok cedak stroller Altap. Deruk loro kuwi omahe ning wit ringin tengah pasar. Pendak dino ethuk pangan saka turah-turahan biji-bijian sing diguwang karo pedagang. Dadi yo uripe penak lan makmur rasah golek pangan adoh-adoh.  Deruk loro kuwi seneng cerito ngeciwis karo Altap bab pengalaman rupa-rupa peristiwa ning pasar, uga warna-warna tingkah polah uwong ning pasar. 

"Mbok uwis kowe karo Deruk Ungu apa Deruk Putih sing sok moro ndene kae loh!"

"Wah lah aku minder je. Kae wulune pada apik-apik, ora kaya wuluku sing klawu" semaure Deruk Puruk

"Weleh-weleh, mbok dicoba ndisik. mengko tak ewangi ngomong wis!"

^_^

Sore dino pendake, Deruk Ungu lan Deruk Putih kebetulan dolan ning cedhak stroller Altap. Banjur Altap enggal-enggal ngomong.

"Ruk, Deruk Ungu. Kowe gelem ora dadi manten karo Deruk Puruk. Kuwi loh Deruk ganteng sing omahe ning wit mlinjo!"

Deruk Ungu karo Deruk Putih kaget karo omongane Altap. Deruk loro kuwi pada berpandang-pandangan banjur ngguyu kemekelen. Deruk Ungu terus semaur:

"Wah wah bayi cerdas tenan kowe ki. Iso dadi perantara barang. Sakjane Deruk Putih sing wis suwe naksir Deruk Puruk. Nanging ora wani ngomong jalaran Deruk Puruk kuwi kethoke sopan banget. Dadi dheweke ya minder karo Deruk Puruk. Kuwatir perilaku lan omongane dianggep nranyak, kurang sopan miturut Deruk Puruk".  

Hooh. Sakjane kawit tahun wingi aku wis kepengin dadi sisihane Deruk Puruk. Ning ora wani ngomong jalaran aku minder, tur Deruk Puruk ketoke ya ora tertarik karo aku!".

"Wah kebetulan pisan iki. Yo wis mengko aku ngomong karo Deruk Puruk menawa awakmu gelem dadi bojone. Jebulane kowe lan Deruk Puruk padha-padha ora pede, rumangsa luwih kasor dibanding karo sing ditaksir" (Undil-2015).  

0 komentar:

Post a Comment