Showing posts with label cerita bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label cerita bahasa jawa. Show all posts

Cerita Bahasa Jawa: Arya Penangsang lan para Penyembah Iwak

Srengenge mulai lingsir ing sisih kulon naliko rombongan Arya Penangsang tekan deso pinggir pesisir kuwi. Pangeran Demak Bintoro kang awake ramping, duwur, kulite putih, irunge bangir lan rambute kandel kuwi banjur njaluk ijin marang Pak Lurah arep gawe kemah ning lapangan pinggire Bale Desa. 

Pak Lurah langsung ngijinke rombongan prajurit sing nganggo busana nduwuran katun warna biru, celana abang, lan surban warna putih kuwi nginep ning kono. Jebulane ijine Pak Lurah iku agawe ora seneng sebagian kecil wong desa kono. Utamane tumrap Jaluningratan, tokoh pemuda sing nduwe puluhan pengikut setia.





















Esuk-esuk lagi wae Arya Penangsang lan rombongane rampung pengajian tafsir Al Quran ba'da sholat Subuh, wis akeh pemuda-pemuda deso marani kemah-kemah sing dianggo nginep karo mbengok-mbengok akon metu wong-wong sing ning njero tendo.  Suwijining pemuda jangkung metu saka njero tendo, ning mburine ana wong pitu sing ngetutake.

"Heee kowe kabeh tukang gawe rusak tatanan! Kowe kabeh rak enem sasi kepungkur sing marakake wong-wong ndeso kene pada ora gelem  setor 100 endhas kebo kanggo sesajen Ratu Segara! Biasane penduduk pada wedi lan manut marang kabeh panjaluk gegandengan karo kaperluan sesajen Ratuning Segara. Saiki dadi pada wani nolak!" bengoke Jaluningratan

"Sabar Kisanak. Aku lan rombongan iki dudu tukang rusak tatanan. Aku saukur liwat papan kene arep menyang panggonane Madrasah Sunan Bonang ning Tuban" jawabe wong tuwo jenggoten sing ngadek ning jejere pemuda jangkung.

Dongeng Bahasa Jawa: Bayi Altap lan Perjodohan Deruk Puruk

Bayi Altap kaya biasane lagi lingguh-lingguh ning nduwur stroller (kereta bayi) biru ing teras mburi omahe Eyang karo nyawang pemandangan akuarium air laut. Ing sasi pasa iki wis sakwetara dheweke diajak Bunda Majda liburan ning omahe Eyang. Dumadakan ana manuk deruk mencok ning cedhak akuarium terus langsung ngajak ngobrol Altap. Kebon mburi omahe Eyang pancen jembar lan akeh kewan-kewan sing seneng saba ndono amarga ora tau diganggu.

"Yi, bayi jenengmu sapa? Kok aku saiki kerep weruh kowe ning kene?" pitakone Deruk

"Awawawawa wawawa wawa. Jenengku Altap, putrane Bunda Majda. Aku lagi diajak Bunda liburan ning omahe Eyang" jawabe Altap

"Woooo ngono tho. Menawa aku jenenge Deruk Puruk. Aku wiwit lahir wis omah ning kebon kene. Nanging saiki aku lagi galau. Sasi wingi aku pindah seka omahe simbokku ning omah anyar. Biasane ning omah akeh kancane. Saiki aku dhewe ning omahku sing anyar. Wit mlinjo sing sisih kulon kuwi loh omahku"

"Lah kowe kok ora ngajak kanca ning ngomahmu? Rakyo dadi rame tho omahmu!"

"Woooo lah wis pada nduwe omah dhewe-dhewe je kancaku. Tur aku kudune wis omah-omah karo Deruk wedok, ning aku golek-golek durung ethuk je!"

Bayi Altap banjur mikir sedhela. Dumadakan dheweke kelingan pendak sore sok ana deruk ungu karo deruk putih wedhok mencok cedak stroller Altap. Deruk loro kuwi omahe ning wit ringin tengah pasar. Pendak dino ethuk pangan saka turah-turahan biji-bijian sing diguwang karo pedagang. Dadi yo uripe penak lan makmur rasah golek pangan adoh-adoh.  Deruk loro kuwi seneng cerito ngeciwis karo Altap bab pengalaman rupa-rupa peristiwa ning pasar, uga warna-warna tingkah polah uwong ning pasar. 

"Mbok uwis kowe karo Deruk Ungu apa Deruk Putih sing sok moro ndene kae loh!"

"Wah lah aku minder je. Kae wulune pada apik-apik, ora kaya wuluku sing klawu" semaure Deruk Puruk

"Weleh-weleh, mbok dicoba ndisik. mengko tak ewangi ngomong wis!"

Dongeng Bahasa Jawa: Kancil lan Manuk Blekok Sing Wicaksana.

Ing sasi pasa iki wis sakwetara Bayi Altap diajak Bunda Majda liburan ning omahe Eyang. Kaya adat saben, nalika Bunda Majda masak hidangan buka puasa --- Bayi Altap didelehke ning nduwur stroller (kereta bayi) biru ing teras mburi omahe Eyang. BIasane ana Kancil dolan ndono sakperlu dongengke Altap. 

Nalika lagi enak-enak ngurogokke dongenge Kancil, dumadakan ana manuk wulune putih campur klawu, cucuke dowi, lan sikile uga dowi banget -- mencok ning kursi cedak stroller, terus ngeciwis ngajak ngobrol Altap. Kebon mburi omahe Eyang pancen jembar banget, lan isih akeh kewan-kewan liar sing seneng dolan amarga ora tau diganggu.

"Yi, bayi jenengmu sapa? Kok aku saiki kerep weruh kowe ning kene?" pitakone Si Manuk

Cerita Lucu Basa Jawa: Mbah Darmo Tuku Susu

Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga

Penjaga: 
Badhe mundhut punapa Mbah?

Mbah Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.

Mbah Darmo:
Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?

Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Darmo

Penjaga: http://duniashinichi.blogspot.com
Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!

Mbah Darmo:
Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok diundang simbah?

Penjaga:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!

Mbah Darmo:
Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang Mbokdhe! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???

Kanca-kancane Penjaga Toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone Mbah Darmo.  Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido ngundang simbah marang Mbah Darmo. Diganti ngundang "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone (Undil-2013)

tags: cerkak bahasa jawa

 

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

 Cerita Lain:
Cerita Lucu Basa Jawa: Lomba Nyanyi Bayi Altap vs Pitik Kementhus


Cerita Lucu Bahasa Jawa: Pitik Mogok Mangan


Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane


















Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

^_^

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh mbokne ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Majda Yulianingrum:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Majda Yulianingrum:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Cerita Lucu Bahasa Jawa: Kopi Kucing by Undil

Suwijining ndino Setro Mino mertamu ning ngomahe Setro Njingik.
Dheweke disuguhi kopi karo Setro Njingik. Sajake kopine enak tenan,
soale Setro Njingik muja-muji ngalembana marang kopi sing disuguhake.
Setro Mino banjur nyruput kopi amarga penasaran marang rasane.














Setro Mino:
Iki kopi apa tho kok rasane rada kecut?

Setro Njingik:
Kuwi kopi istimewa, meh padha karo kopi luwak sing larang kae

Setro Mino:
Woo ngono tho, kopi apa jenenge?

Setro Njingik :
Kopi kucing, aku gawe dhewe

Setro Mino:
Gaweanmu dhewe tho, apa sebape diarani kopi kucing?

Setro Njingik:
Sebape diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurungne diolah, kopi kucing dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, ning ben gampang aku nanggo kucing wae.

Setro Mino:
Kucing doyan kopi pa?

Setro Njingik:
Ya ora no. Kopine tak gerus rada kasar, trus tak campur ikan asin, bar kuwi lagi tak pakakke kucing.

Setro Mino (wetenge mulai mules) :
Terus...

Setro Njingik:
Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing banjur gerusan kopi disaring, dikumbah, dipepe nganti garing banjur digiling meneh nganti alus. Lha iki sampeyan sing pisanan nyoba kopi kucing loh, wong rong tau ana sing tak suguhi kopi kucing. Aku dhewe arep ngrasakke ora tegel je. Piye Kang, enak ora rasane?

Setro Mino:
Hoeeeeeekkkk! Hoeeeekkkkk! (Undil - 2012)

gambar diolah dari : www.lonvig.dk

Cerita lucu lain:
Pitik Mogok Mangan
Bakso Bangjo lan Kucing Klawu
tags: blog bahasa jawa, cerita bahasa jawa, cerita lucu basa jawa