Showing posts with label cerkak bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label cerkak bahasa jawa. Show all posts

Cerkak Bahasa Jawa: Ngunduh Bejo Amarga Tumindak Sepele

Dino setu bengi akhir Mei, Shinichi bali menyang Bandung sakwise liburan seminggu ning Jogja. Kaya biasane Shinichi nggawa tas loro, siji tas ransel gede isi klambi, buku, laptop lan sakbangsane. Ditambah siji tas cilik isi oleh-oleh -- salah sawijine bakso gorenge Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul sing kagurihane gawe kangen kanca-kancane. Shinichi marani loket Customer Service (CS) stasiun sakperlu njaluk dicetakke tiket kereta api sing wis dipesen seminggu kapungkur lewat situs PT Kereta Api. 




Jebulane saiki penumpang kon nyetak dhewe ning komputer sing disediakake. Ora dilayani meneh dening petugas. Mesti wae antri, ning antriane ora dawa. Tekan ngarep komputer, ana tulisan Shinichi dikon nglebokke kode booking sing wis dikirim via email seminggu kapungkur. Wah nek carane kaya ngene, sesuk meneh dheweke ora perlu ngeprint bukti bayar, cukup dicatet kode bookinge wae. Luwih gampang. Wasan Shinichi ngetikke kode booking lan mejet OK, terus komputer otomatis nyetak dhewe tiket kereta api. Wah pancen canggih tenan pelayanan sepur jaman saiki.

Sakwise nggawa tiket, Shinichi melu antri arep mlebu strasiun. Tekan ngarep petugas checker, Shinichi ngulungke tiket lan SIM sakperlu diperiksa kacocokane dening petugas. Bar tikete dicap dening petugas, banjur mlaku meneh tekan lawang sing dijaga satpam. Satpam uga meriksa meneh tiket Shinichi karo ngandani menawa Sepur lodaya mengko siap ning jalur lima.

Jam wolu kurang seprapat, Sepur Lodaya teka saka Solo. Shinichi mlebu gerbong eksekutif 1, trus goleki kursi nomor 10C. Wasan ketemu kursine, Shinichi enggal-enggal ngetokke laptop, buku,  lan teh Nu Greentea saka tas. Bar kuwi ngunggahke tas ning kabin sepur. Rampung tata-tata gawan, Shinichi asyik nyenuk mbukak-mbukak situs online sinambi ngombe greentea.

Ora lali Shinichi ngobrol karo wong sing lingguh ning jejere, jenenge Arista, mahasiswi ITB, ayu, putih, duwur, sing bar dolan-dolan ning Jogja ninggone budhene. Bar kuwi ora kaya adat saben -- Shinichi kepengen ngruruhi wong sing lingguh ning kursi ngarepe. Jebule wasan mengo ketok rupane si Justus -- cah anyar sing lagi setengah tahun kerja ning kantore Shinichi. Justus uga bar dolan ning Jogja, jarene ninggone Oma.

Rampung ngobrol karo Justus, Shinichi mulai mbukak-mbukak buku sing digawa. Buku karangan Salim A Fillah sing judule Jalan Cinta para Pejuang. Isine apik banget, nerangake bab-bab penting ning kehidupan sehari-hari saka sudut pandang psikologi islami. Pokoke isine top markotop, kaya mbukak tabir perilaku menungsa, lan nunjukke perilaku kang utama. 

Tengah wengi Shinichi nylempitke buku lan laptop ning pinggir kursi amarga kantong sing biasa nemplek ning kursi ngarepe ora ana. Mungkin suwek, terus dicopot tinimbang ngelek-eleki. Ora sakwetara suwe Shinichi turu nglinthek ning kursi. Tangi-tangi jam papat esuk amarga ana suarane petugas sing lagi nariki selimut kusebab Sepur Lodaya wis arep tekan stasiun Kiara Condong. Selimut pancen sok ditarik pas sepur arep tekan stasiun tujuan. Wasan sepur tekan Stasiun Bandung, Shinichi cepet-cepet medhun sakwise pamit marang Arista lan Justus.

^_^

Awan-awan bar makan siang, Shinichi lagi kelingan menawa laptope mau ditokke ning kursi sepur, lan durung dilebokke meneh ning tas. Wah gawat iki!. Berarti laptope ketinggalan ning sepur. Wah mau bar dinggo saukur dislempitke ning pinggir kursi ora langsung dilebokke tas meneh, dadine malah lali.

Cerita Lucu Basa Jawa: Mbah Darmo Tuku Susu

Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga

Penjaga: 
Badhe mundhut punapa Mbah?

Mbah Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.

Mbah Darmo:
Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?

Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Darmo

Penjaga: http://duniashinichi.blogspot.com
Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!

Mbah Darmo:
Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok diundang simbah?

Penjaga:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!

Mbah Darmo:
Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang Mbokdhe! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???

Kanca-kancane Penjaga Toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone Mbah Darmo.  Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido ngundang simbah marang Mbah Darmo. Diganti ngundang "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone (Undil-2013)

tags: cerkak bahasa jawa