Cerita Cekak Bahasa Jawa: Naliko Batman dijaluk dadi seksi mata tumindak kejahatan

Batman iki dudu Batman kancane Robin sing sok numpak mobil mboys kae, nanging Batmaning Deso Suropaten. Jeneng asline Prawiro, nanging amarga wiwit cilik seneng nganggo kaos Batman sak-klebete, mulane karo kanca-kancane diceluk Batman. Saiki ngantek umur telung puluh tahun wong sakdesa arang-arang sing ngerti jeneng asline. Yen ana tamu ngajokke pitakonan marang tangga teparo, ngendi omahe wong sing jenenge Prawiro Tetuko Yudhaningrat, biasane ora ana sing ngerti. Nanging menawa ditakoni endi omahe Batman? Kabeh mesti kenal amarga jeneng Batman luwih kondang tinimbang jeneng asline. duniashinichi

Pagaweane Si Batman iki dadi tukang gambar interior. Dheweke mbiyen-mbiyene sekolah desain interior ning Ostrali, ora ketan mung setahun. Nanging amarga dheweke bakat seni, produk desaine apik tenan. Endah banget, harmonis, serasi, lan mranani athi. Dheweke uga nduwe kenalan para tukang kayu sing joss. Dadi yen ana wong pesen desain interior langsam sak barange, hasile ora kalah karo gawean Celini. Rapi, apik lan regane murah. Dadi ya akeh langganane, kalebu perusahaan-perusahaan gedhe ing kutha. Iku sebape Batman dadi wong sugih dhewe sak desa. Ngalahake juragan emas, juragan material, juragan lenga lan dokter spesialis anak siji-sijine sak kecamatan sing mbukak praktek ning ndesane Batman. (duniashinichi.blogspot.com)

Suwijining sasi nalika Batman lagi enthuk proyek interior ning siji Hotel, dheweke tetanggan karo kontraktor sing lagi ngerjakake renovasi kantor ning cedhak hotel. Amarga meh mbendina mara ngawasi proyek interior, Batman dadi kenal karo mandor sing ngawasi renovasi kantor. Kala-kala wong loro pada ngopi bareng karo jagongan bab gawean. Ngobrol bab desain bangunan, ngantek bab rega kayu sing mundhak terus. Mandore wis tau cerita menawa renovasi kantor kuwi gedhen-gedhen dadi ya akeh barang dipindahke. Mulane Batman sok weruh truk kantor mara ndono ngangkuti barang-barang. Kalebu mesin-mesin fotokopi sing mestine diamanke ndhisik ning papan liya.

Sewulan sakwise Batman rampung ngerjakake proyek hotel, dumadakan Pak Mandor kenalane Batman mara ning ngomah. Banjur dheweke nangis sinambi njaluk tulung Batman supaya gelem bersaksi ning pihak berwajib. Jebulane si Mandor lagi keno kasus hukum. Dheweke dituduh njukuk mesin fotokopi kantor cacahe telung puluh. Amarga sakdurunge dheweke kerja, mesin fotokopi iku isih ana, nanging saiki kok dadi ilang. Pak Mandor dituduh nyolong mesin fotokopi.

Mula Pak Mandor teka ning ngomahe Batman, njaluk pitulugan Batman supaya gelem dadi seksi. Soale kur Batman sing wis tau weruh ana truk kantor nggawa lunga mesin fotokopi. Wektu kuwi tim kerja Pak Mandor lagi prei. Dadi siji-sijine seksi mata sing weruh kadadiyan iku saukur Si Batman. 

Nanging Batman ora langsung setuju karo panjaluke Pak Mandor. Batman wedi menawa mengko malah dheweke salah ngomong terus disalah-salahke. Dheweke rumangsa ora nduwe kepentingan, dadi rada memeng menawa kudu dadi seksi. Mulane Batman njaluk wektu sedina kanggo mikir-mikir ndisik.

Sakjane Batman kepengen langsung nolak nanging ora tegel. Dadi dheweke njaluk wektu. Batman intine ora gelem repot. Menawa dadi saksi berarti dheweke ndadak lunga menyang kutha. Bakal kelangan wektu akeh padahal saiki lagi akeh-akehe gawean sing kudu ditandangi. Apa untunge dheweke dadi seksi? Malah kur repot tur ora ana bathine. Dheweke uga sumelang salah ngomong, terus dituduh nglakoni tumindak ala. Wis pokoke Batman rumangsa ngguwang-ngguwang tenaga menawa gelem dadi seksi.

Bengine Batman jagongan karo bojone bab panjaluke Pak Mandor. Batman ngomong karo bojone, kepiye miturut sisihane iku manawa Batman ora gelem dadi seksi. Alasane kepengin tentrem uripe. Ben uripe rasah kagawa kasus hukum wong liya. Batman golek dukungan bojone anggone arep nolak panjaluke Pak Mandor. Jawabane bojone kaya ngene:

"Mas Batman. Bayangke menawa panjenengan nalika rampung ngerjakake proyek interior hotel ndilalahe terus dipanggil polisi amarga dilaporke karo sing nduwe hotel. Mas Batman dituduh nyolong AC hotel, padahal AC hotel digawa bali karo salah suwijining pegawe hotel. Nah, kebetulan Pak Mandor sing weruh kadadiyan iku. Saiki miturut Mas Batman, Si Pak Mandor apike gelem dadi seksi apa ora?. Milih repot dadi seksi, apa milih lingguh-lingguh ning ngomah sinambi momong anak wae?.

Batman langsung mak jleb krungu suarane bojone sing ayu kuwi. Ning njero athine dheweke syukur banget nduwe bojo apike kaya ngene. Sesuk menawa Pak Mandor mara meneh nakokake keputusane Batman, dheweke wis ngerti jawaban apa sing kudu diudarake (Undil 31-01-2013)

0 komentar:

Post a Comment