Cerita Cekak Basa Jawa: Kuncung Bawuk, Sandal Jepit Anyar, lan Udan Awu Gunung Kelud

Esuk-esuk naliko wis kalung anduk arep adus, Kuncung kaget weruh langit isih peteng ndedet kaya tengah wengi, padahal wis wayahe jam enem esuk. Dheweke sansaya kaget weruh saka cendela menawa plataran omahe rupane dadi abu-abu. Kabeh barang ning latar dadi hitam putih kaya foto jaman mbiyen. Wit-witan sing maune ijo dadi abu-abu. Semana ugo suketan dadi abu-abu semu putih. Gendeng pendopo katon abu-abu, blumbang iwak emas saiki rupane putih kaya kolam susu.

"Wah, iki mesti udan awu meneh" celathune Kuncung

Kuncung krungu Bapakne ngendika menawa saiki lagi udan awu amarga Gunung Kelud njebluk. Katone awune luwih akeh tinimbang naliko Gunung Merapi njebluk sawetara taun kepungkur. Padahal Merapi kur 20 kilometer sisih lor Jogja. Lha iki Gunung Kelud rak neng Jawa Timur, cedhak kutho Kediri. Jarake mesti ora kurang saka 250 kilometer, nanging kok awune luwih akeh? duniashinichi.blogspot.com

"Kuncung sajake Gunung Kelud energine luwih gedhe dibanding Gunung Merapi, dadi jeblukane luwih gedhe lan awune luwih akeh. Apike kowe rasah mlebu sekolah ndisik. Tak kiro sekolahmu ya bakal prei, amarga mbebayani menawa bocah-bocah pada mangkat sekolah ning kahanan kaya ngene. Mengko iso padha kecelakaan amarga dalan lunyu lan jarak pandang terbatas. Kesehatan mripat lan paru-paru uga iso keganggu dening awu gunung berapi" ngendikane Bapakne Kuncung 

"Wo ngono ya Pak. Gunung Kelud jeblukane luwih nggegirisi dibanding Gunung Merapi. Lha iki awu pirang-pirang iki nek kudanan rakyo gendenge awake dhewe dadi resik tho. Kaya bar diasahi nganggo awu!"

"Yo ora ngono kuwi Kuncung. Mengko menawa udane awu wis rampung awake dhewe kudu enggal resik-resik gendeng ben ora kabotan menawa kudanan. Awu tambah banyu dadi abot banget lan iso marakke gendenge ora kuwat nyangga bobote awu teles" ngendikane Bapakne.

"Wah nek ngono aku mengko melu resik-resik yo Pak. Lha ning sandal jepitku anyar je. Piye iki nek kena awu bakal dadi reget. Padahal le tuku we ning Joger je. Digawa adoh-adoh saka Bali bareng piknik sekolah wingi, kok tekan kene malah kur diregeti awu!"

"Mas Kuncung!. Sandalmu sing anyar kuwi disimpen wae ning lemari ben ora kena awu. Mengko nek reget rakyo sing getun kowe. Mengko nalika resik-resik nganggo sandal lawas wae. Eman-eman banget menawa sandalmu dadi reget" saur adhine sing dumadakan metu saka kamare.

"Hooh bener kowe Bawuk. Apike sandalku tak bungkus koran trus tak singgahke ning lemari. Ben ora keno awu" jawabe Kuncung

"Ya wis sakarepmu. Ngono ya rapapa" ngendikane Bapak karo ngampet ngguyu weruh anak-anake pada eman-eman banget marang sandal jepite Kuncung. Tumrap bocah cilik, saukur sandal jepit wis kalebu barang berharga.

Nanging Bapakne Kuncung banjur mikir menawa dheweke pada wae karo Kuncung, kur beda porsine. Mesthine tumrap wong soleh kaya Pak Haji -- dheweke sing isih makantil-kantil marang barang-barang kaya mobil, motor lan pomahan -- dianggep pada karo Kuncung sing seneng banget marang sandal jepite.

^_^

Udan awu Gunung Kelud wis suda dina esuke. Bapak, Kuncung lan adhine pada kerja bakti resik-resik ning njaban omah. Ibune resik-resik njero omah sing uga reget kena awu. Mesthi wae Kuncung ora nganggo sandal jepite anyar sing isih dieman-eman. Dheweke trimo nganggo sandal lawas sing wis dipeniteni amarga taline wis jebol. Pembuangan sandal lawas ditunda ngantek resik-resik bekas udan awu rampung.

Bapakne Kuncung menek nduwur gendeng terus nyaponi awu sing tememplek ning gendeng nganti resik. Kuncung nawu blumbang iwak sing rupane dadi putih coklat kaya kopi susu. Bawuk nyemproti wit-witan sing rupane dadi putih amarga kebak awu, ben ora pada alum. Sedino nutuk wong telu kuwi resik-resik njaban omah ngantek bengine pada turu nglinthek amarga kekeselen.  

Esuke sakwise adus, Kuncung kelingan karo sandal jepite sing anyar. Sandale sing lawas enggal-enggal dibuwang ning tempat sampah. Bar kuwi dheweke nggoleki sandal anyar ning lemari. Digolek-goleki ngantek setengah jam ora ketemu. Banjur takon marang Ibune sing wingi resik-resik njero omah.

"Ibu, panjenengan weruh sandalku sing anyar ora? Wingi tak delehke ning nduwur lemari!"

"Ora weruh je Cung. Wingi pancen ana sandal dibungkus koran ning duwur lemari. Nanging iku sandalmu sing lawas wong ketok sithik rupane kuning. Kowe iki rada sembrono. Deleh sandal jebol kok ning nduwur lemari. Mbok dibuwang wae, rakyo ngisin-ngisini menawa nganti konangan Eyangmu. Wingi sandal lawasmu  wis tak buang bareng sampah liyane ning gerobak sampah, nalika Pak Tukang Sampah liwat" ngendikane Ibune

"Aduh Ibu! Aduh Ibu! Piye iki, piye iki. Sing dibuwang kuwi sandalku sing anyar! Sandal jepit anyar le nggawa adoh-adoh saka Bali...." (Undil - 2014)

tags: cerita cekak basa jawa, cerkak basa jawa, cerita cekak, bahasa jawa, kuncung bawuk, cerita lucu bahasa jawa, cerita cekak lucu bahasa jawa, cerita cekak basa jawa, cerkak basa jawa, cerita cekak, bahasa jawa, kuncung bawuk, cerita lucu bahasa jawa, cerita cekak lucu bahasa jawa

0 komentar:

Post a Comment