Dongeng Basa Jawa: Reza Arrayan lan Cecak sing Kerep Tiba

Mas Reza Arrayan iku bayi umur telung sasi. Suwijining ndino ketiban cecak banjur cah loro malah ngobrol


Reza: 

Cecak kowe kok ndadak nibani bathukku barang ki ngopo yo? Ngantuk popiye?


Cecak:

Ora yi, bayi. Aku saiki tiba-tibo terus saka tembok amarga kamarmu mbleduk, akeh bleduk nemplek ning tembok, dadine sikilku sok-sok ora iso nemplek tembok.


Reza:

Bleduk ki barang cilik-cilik yen lagi mabur iso marahi watuk iku po?


 Cecak: 

Laiya kuwi jenenge bleduk. Gara-gara wingi bapakmu ngeduk-ngeduk lemah gawe kolam ikan ning pinggir omah, banjur bleduke padha mlebu kamarmu liwat  cendelo


Reza: 

Wooo ngono tho. Youwis mengko nek ibuku teka ndene, aku tak ngambus-ngambus tembok, njuk watuk-watuk ben kamarku diresiki


Mbak Majda Yulianingrum --ibune Reza -- ujuk-ujuk mlebu kamar amarga krungu suarane Reza. Dikiro anake lagi nangis padahal sakjane  Reza lagi ngobrol karo cecak. 


Wasan weruh Reza watuk-watuk, banjur tangane Mbak Majda Yulianingrum ndemek tembok terus mbatin


 "Wooo mulo  Reza watuk-watuk terus, lha temboke mbleduk banget kaya ngene. Wis tak resiki ndisik kamare, ben Reza ora watuk-watuk meneh".


Cecak seneng banget weruh ibune Reza resik-resik tembok. Nek temboke resik deweke ora bakal kerep tiba meneh kaya saiki.