Cerpen Bahasa Jawa: Romo Wage lan Pak Wagu (1)

Suwijing ndina Romo Wage (romo = bapak) sing lagi mulih saka pertemuan arisan Ibu-ibu ning balai desa kanggo pidato bab perlune sumbangan kanggo rakyat Palestina ning Gaza sing lagi dikuyo-kuyo Israel -- ketemu Pak Wagu. Wong iku gumun weruh duwit sak besek sing arep di setor Romo Wage marang Panitia Solidaritas Palestina tingkat kecamatan sing sekretariate cedak kantor kecamatan.

Pak Wagu:
Ngopo tho ndadak nyumbang adoh-adoh ning Palestina. Mbok yo nyumbang wong-wong tangga desa sing kebanjiran wae. Ben wae do perang dewe, rak yo jagoku sing menang.

Romo Wage:
Wela, aku rak wis nyumbang korban banjir, wingi sore ning pertemuan Bapak-bapak. Malah sampeyan sing durung nyumbang korban banjir. Durung ana ning daftarku ki!.

Pak Wagu:
Lha aku rak wis nyumbang sarung tho!. Arepa wis suwek gedhi, rak yo isih iso dianggo basahan nek lagi adus tho?

Romo Wage:
Wooo iya aku kelingan. Nyuwun pangapuramu kang, lali aku menawa sampeyan sampun nyumbang sarung. Daftar sumbangan barang bekas sing nggawa dudu aku je, Pak Lurah sing nggawa. Aku saukur nggawa sumbangan barang anyar.

Ngertiya Kang Wagu! Aku nyumbang wong Palestina amarga mesakake lagi dipilara dening Israel kang diewangi Amerika. Uga amarga aku salut, hormat, lan muji marang kawanenane Pemerintahan Hamas mungsuh serdadu Israel. Ing atase gamane mung apa anane, ning iso dadi satria winibawa. Disegani lan diwedeni dening Israel lan Amerika. Dadi kelingan simbah-simbah mbiyen kang wani perang mungsuh serdadu Walanda lan serdadu Inggris sanajan gamane mung bambu runcing.

^_^

Liyo dina Pak Wagu teka ning ngomahe Romo Wage arep titip kunci omah karo pasrah ayam alas lan manuk kuthut kesayangane supaya dirumat Romo Wage. Pak Wagu arep lunga adoh tilik anak ragile sing lagi wae babaran ning Kalimantan.

Romo Wage;
Lha piye tho? Kok ndadak tilik barang? Rasah lungo adoh-adoh ning Kalimantan. Mbok tilik anakmu sing ning tangga desa wae. Dheweke rak minggu wingi bar kebanjiran tho?


Pak Wagu:
Wah sampeyan aja ngono tho. Kok njuk di balik balikke. Anak ragilku rak yo mesakake nek ora ana keluargane sing niliki. Kamangka bojone lagi tugas ning pedalaman. Mosok terus dinengke wae. Anakku sing kebanjiran ora perlu tak tiliki, wong wis kulino kebanjiran kok. Tur ya wis nelpon aku nek ora perlu tak tiliki.

Romo Wage:
Gene ki sampeyan yo ngerti prioritas? Kok isa-isane wingi ngomong ndadak adoh-adoh mbantu Palestina. Lha yo kudu di prioritaske dibantu wong lagi dianiaya dening penjajah. Ya kudu ana sing ngewangi. Paling orang menehi sandang, pangan lan obat-obatan ben iso urip normal kaya sedulur-sedulure ning Indonesia.

Pak Wagu:
Meneng wae

tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak

0 komentar:

Post a Comment