Cerita Bahasa Jawa: Arya Penangsang lan para Penyembah Iwak

Srengenge mulai lingsir ing sisih kulon naliko rombongan Arya Penangsang tekan deso pinggir pesisir kuwi. Pangeran Demak Bintoro kang awake ramping, duwur, kulite putih, irunge bangir lan rambute kandel kuwi banjur njaluk ijin marang Pak Lurah arep gawe kemah ning lapangan pinggire Bale Desa. 

Pak Lurah langsung ngijinke rombongan prajurit sing nganggo busana nduwuran katun warna biru, celana abang, lan surban warna putih kuwi nginep ning kono. Jebulane ijine Pak Lurah iku agawe ora seneng sebagian kecil wong desa kono. Utamane tumrap Jaluningratan, tokoh pemuda sing nduwe puluhan pengikut setia.





















Esuk-esuk lagi wae Arya Penangsang lan rombongane rampung pengajian tafsir Al Quran ba'da sholat Subuh, wis akeh pemuda-pemuda deso marani kemah-kemah sing dianggo nginep karo mbengok-mbengok akon metu wong-wong sing ning njero tendo.  Suwijining pemuda jangkung metu saka njero tendo, ning mburine ana wong pitu sing ngetutake.

"Heee kowe kabeh tukang gawe rusak tatanan! Kowe kabeh rak enem sasi kepungkur sing marakake wong-wong ndeso kene pada ora gelem  setor 100 endhas kebo kanggo sesajen Ratu Segara! Biasane penduduk pada wedi lan manut marang kabeh panjaluk gegandengan karo kaperluan sesajen Ratuning Segara. Saiki dadi pada wani nolak!" bengoke Jaluningratan

"Sabar Kisanak. Aku lan rombongan iki dudu tukang rusak tatanan. Aku saukur liwat papan kene arep menyang panggonane Madrasah Sunan Bonang ning Tuban" jawabe wong tuwo jenggoten sing ngadek ning jejere pemuda jangkung.

"Kowe aja lamis wong tuwo! Kowe mesthi ngojok-ojoki penduduk kene supaya mbangkang marang Ratune Segara. Apike kowe menenga wae. Atiku dadi galau krungu suaramu!" ukarane Jaluningratan.

Banjur Jaluningratan ngematake pemuda jangkung sing kethok paling dihormati dening kanca-kancane.

"Hai kowe cah bagus. Kowe mesthi pimpinane rombongan iki!. Sapa jenengmu?" pitakone Jaluningratan karo nudingi si pemuda jangkung

"Aku hambane Allah. Santrine Sunan Kudus. Prajurit Demak Bintoro kang wis sumpah setia marang kebenaran. Aku lan kanca-kancaku lagi lelungan arep mara ning pesantren Sunan Bonang. Aku nggawa kitab-kitab kedokteran karyane Az Zahrawi, Ibnu Nafis, Al Balkhi, lan Az Zuhr. Kabeh kuwi titipane Sunan Kudus kanggo nglengkapi perpustakaane Sunan Bonang. Jenengku Arya Penangsang" jawabe pemuda jangkung.

"Ko ko..... kowe Pangeran Arya Penangsang saka Jipang Panolan kang kondhang sak nusantara iku?" saure Jaluningratan kanthi suara gugup.

Jaluningratan tanpa sadar mundur telung langkah amarga kaget banget krungu jenenge Arya Penangsang disebut. Pangeran santri kang kekuatan tentarane diwedeni dening balatentara Portugis, lan Spanyol ning darat utawa ning lautan iku saiki ngadek ning ngarepe dheweke. Mesti wae dheweke dadi ngaprek kaya wit alum. 

Weruh Jaluningratan awake keder, enggal-enggal ana wong tuwo rambut gondrong lan nganggo klambi ireng-ireng nyedaki Jaluningratan karo berbisik ning kupinge tokoh pemuda kuwi. Mesthine lagi nggedhekake atine Jaluningratan sing wis dadi ciut pisan. Bar dibisiki wong tuwo kuwi Jaluningratan banjur kethok radha kendhel, ora kaya kanca-kancane sing saiki pada ndungkluk ora wani ndelok raine Arya Penangsang.

  
"Pangeran! Kowe lan kanca-kancamu wis dikepung karo anak buahku! Saiki menyerah wae tinimbang tak pateni kabeh ning papan iki!" bengoke Jaluningratan sero banget. Jaluningratan mbengok sak sero-serone kanggo nyemangati diri lan kanca-kancane sing kethok tambah suwe tambah ora wani nglawan Pangeran Jipang kang disayangi Sunan Kudus iku. 

Wong tuwo jenggoten sing ngadek ning jejere Arya Penangsang banjur berbisik marang Si Pangeran. Dijelasake menawa penduduk desa iki pancen unik. Penduduk kene pada nyembah makhluk segara. Wong-wong kuwi percaya menawa ana makhluk-makhluk ampuh sing omahe segara. Makhluk sing paling diwedeni yaiku Ratune Segara, wujude makhkluk raksasa sing iso nyemburke uap saka endhase.

Arya Penangsang langsung ngerti menawa Ratune Segara kuwi ora liya Iwak Paus. Dheweke wis tau weruh Iwak Paus naliko melu rombongan misi dagang Kesultanan Demak Bintoro lungo menyang Azerbaijan. Ning segara antarane Gujarat lan Azerbaijan, Arya Penangsang weruh rombongan Iwak Paus lagi lewat ning cedak kapal. Cacahe akeh banget lan iwake uga ukurane sak-omah sak-omah, gedhi banget. 

Malah ning kutha Azerbaijan lenga Iwak Paus dianggo penduduk kanggo bahan bakar lampu penerangan dalan. Dadine dalan-dalan  ning kutha Azerbaijan arepa bengi tetep padang jingglang.

^_^

Weruh kanca-kancane ora ana sing wani maju perang lawan rombongan saka Jipang, Jaluningratan kepekso nantang Arya Penangsang perang tanding. Pemuda kuwi ngetokke tumbak sing mata tumbake rupane biru mblerengi, sajake dilumuri racun keras dening empune tombak. Menawa didelok gagange, umure tumbak mesthi wis atusan taun. Mungkin turun temurun diwariske dening keluargane.

Arya Penangsang sadar menawa dheweke ora nduwe wektu kanggo nglayani pemuda iki. Iso wae dheweke perang tanding nganggo pedang nanging mesthi butuh wektu kanggo ngalahke Jaluningratan. Uga ana risiko Jaluningratan luka parah utawa mati kena tebasan pedang. Menawa penduduk ana sing dipateni iso nyebabke dakwah dadi angel diterima dening penduduk. Dadine Arya Penangsang mutuske arep nganggo senjata pusakane wae.

Selaku santrine Sunan Kudus lan selaku mahasiswa sing wis kerep melanglang buana sakperlu meguru nganti tekan madrasah-madrasah ning negeri-negeri Arab lan Turki, Arya Penangsang ora ngandelake barang-barang pusaka sing ajaib. Dheweke luwih ngandelke ilmu pengetahuan, teknologi, lan strategi perang.  

Senjata andalan Arya Penangsang yaiku pistol sing bentuke kaya keris. Pancen pistol kuwi uga iso berfungsi dadi keris sing mantep banget upama dianggo perang tanding. Bagian pengapian pistol dilapisi kain khusus sehingga suarane pistol ora sero. Suarane saukur makbusssh. Rindik banget. Wong-wong njuluki pistol kuwi Kyai Setan Kober amarga menawa ditembakke iso ngetokke geni lan kebul.

Arya Penangsang uwis menghunus pistol saka pinggange nalika Jaluningratan mlayu nyedhaki dheweke karo nggawa tumbake werna biru arep disudukke ning wetenge Pangeran. Penduduk sing pada ndelok peristiwa kuwi pada nahan nafas weruh tumbak sing ngetokke werna biru mblerengi. 

Nanging sakjane luwih akeh penduduk sing nguwatirake nasibe Jaluningratan sing wani-wani nantang Pangeran Jipang kang kekuatane wis kondhang sak nusantara -- malah diwedheni dening para penjelajah saka Eropa. Apa yah cah ndeso kene iso menang lawan Pangeran sing wis tau ngalahke mungsuh saka mancanegara iki. Ketoke ya mustahil.

Sakdurunge Jaluningratan tekan cedhake Arya Penangsang, pistol Kyai Setan Kober wis ditembakke dening murid kesayangan Sunan Kudus iku. Geni lan kebul metu saka moncong pistol, diikuti bengokane Jaluningratan kang ketembak pundake, banjur tiba nggulung-nggulung ning lemah nganti ketanggor watu gedhe. Jaluningratan meneng wae ora obah meneh. Dheweke semaput amarga ketanggor watu.

Enggal-enggal anak buahe Arya Penangsang kang berprofesi dokter perang meriksa kondisine Jaluningratan. Banjur nitipke obat marang Pak Lurah kanggo ngobati Jaluningratan nganti mari. 

Arya Penangsang pesen marang Pak Lurah supaya aja ana dendam antarane penduduk karo rombongan Jipang. Rombongan Jipang iki rombongan dakwah sing tujuane kanggo kemaslahatan penduduk sing didakwahi, yaiku mbebaske penduduk saka pemujaan makhluk menuju penghambaan marang Allah, mbebaske penduduk saka sempitnya dunya menuju jembare akhirat, lan mbebaske penduduk saka penindasan kepercayaan menuju keadilan Islam.

Sesuk menawa mampir meneh, rombongan saka Jipang bakal ngajari ilmu perkapalan lan ilmu pelayaran. Kabeh mau supaya menawa musim paceklik iwak, penduduk kono iso golek iwak ngluruk panggonan-panggonan adoh kang isih akeh iwake (Undil-2015).

gambar diambil dari  pinterest

0 komentar:

Post a Comment