Cerkak Basa Jawa: Mbak Irah lan Rahasia Mas Wagenugraha

Wis suwe Mbak tukang cuci baju langganane Wagenugraha sing ayu kuwi gumun karo Wagenugraha. Amarga Wagenugraha kerep ngumbahi dhewe sebagian klambine. Kadang-kadang wayah bengi anggone ngumbahi, dadi esuk-esuk pas arep njukuk klambi reget, Mbak Irah kaget weruh ana klambi teles pirang-pirang digantung ning pemean. Terkadang Wagenugraha ngumbahi wayah prei setu utawa minggu esuk. Dadine dheweke anggone adus suwe banget jalaran sisan karo ngumbahi klambi.
















Awale Mbak Irah sumelang gek-gek anggone dheweke ngumbahi ora resik, dadi Mas Wagenugraha rumongso perlu ngumbahi dhewe. Nanging alasan kuwi gugur amarga sebagian besar klambi tetep dikumbahke dening Irah. Akhire saking penasarane, Irah takon marang Wagenugraha:

"Mas Wage, kenging menapa panjenengan niku sok ngumbahi dhewe tho. Punapa wonten rahasia ing klambi panjenengan?" pitakone Irah karo munggahke alise kang nanggal sepisan.

"Oooooo ora, ora ana rahasia ning klambiku. Aku saukur kepengin ngumbahi wae Mbak Irah, sisan karo adus"

"Wah mosok niku alasanipun tho?. Menapa kumbahan kula kurang resik Mas Wage?"

"Ora, ora Mbak Irah. Hasil kumbahanmu  resik kok. Malah resik banget, luwih resik tinimbang kumbahanku"

"Lha punapa alasanipun ngumbahi piyambak?"


"Ngene Mbak Irah. Klambi sing tak kumbahi iku sing bahane kain batik. Sengaja tak kumbahi dhewe ben awet. Amarga batik gampang rusak"

"Woooo ngeten tho. Menapa bedha caranipun ngumbahi yen bahanipun saking batik?"

"Beda Mbak Irah. Aku ngumbahi nganggo tangan, ora digosok, kur diangkat dicelupke wae, tur sabune nganggo sabun lerak ben ora luntur. Lha awakmu ngumbahi nganggo mesin cuci, detergen, lan krah klambi digosok nganggo sikat tho?. Aku khawatir batikku cepet luntur, terutama krah klambi sing digosok nganggo sikat iku"

"Wooo ngeten tho alasanipun. Mbok kulo diajari cara ngumbahi batik. Ben panjenengan rasah trepot ngumbahi dhewe. Kulo gampang ngerti kok menawa diajari bab-bab sing anyar kanggone kulo"

Dino kuwi Wagenugraha ngajari carane ngumbahi batik marang Irah. Mulai saka carane ngekum batik nganggo sabun lerak; carane ngilangi regetan kanti diangkat, dicelupke maneh bola-bali tanpa dikucek lan digosok; carane mbilas nganggo ember isi banyu resik tanpa diperes; carane mepe ning nggon eyupan ben ora njebluk rupane; ngantek carane nyetrika nganggo hand steamer utawa setrika uap. Kabeh diajarke ditambah praktek ngantek Irah nguasani carane ngumbah batik sing bener. tags: cerita cekak basa jawa, cerkak bahasa jawa, cerkak boso jowo
Wiwit dino kuwi Wagenugraha wis ora tau meneh ngumbahi batik amarga Irah wis iso ngumbahi dhewe. Malah jarene Irah saiki dheweke entuk konsumen anyar akeh banget, yaiku wong-wong kiwo tengen sing nitip ngumbah batik marang dheweke. Terutama bocah kost, lan ibu-ibu wanita karir sing pada nitipke marang Irah supaya ngumbahke khusus klambi saka kain batik, sanajan wong-wong iku sakjane wis nduwe langganan binatu utawa tukang cuci dewe (Undil 2014)      
 tags: cerita cekak basa jawa, cerkak bahasa jawa, cerkak boso jowo

gambar diambil dari pablo-ruiz-picasso.net

0 komentar:

Post a Comment