Showing posts with label cerita lucu bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label cerita lucu bahasa jawa. Show all posts

Cerita Lucu Basa Jawa: Lomba Nyanyi Bayi Altap vs Pitik Kementhus

Wis sakwetara Altap lan Bunda Majda Yulianingrum nginep ning omahe Eyang ing sasi pasa iki. Pendak sore menawa Bunda Majda Yulianingrum lagi masak ning pawon -- Altap didelehke ning ngarep akuarium air laut ning teras mburi omahe Eyang. Dheweke numpak stroller (kereta bayi) werna biru, lingguh karo ketap-ketip, seneng banget nyawang kincir air sing mubeng ning njero akuarium. Kebon mburi omahe Eyang kuwi jembar banget, berbatasan karo kali cilik sing alirane mbelah kampung kono. Ning kebon akeh kewan-kewan sing saba. Diantarane yaiku pitik, menthok, banyak, kalkun lan kewan-kewan liar sing omahe ning pinggir kali.




















Suwijining ndina, nalika Altap lagi leyeh-leyeh ning stroller biru karo nyawang akuarium -- ujug-ujug mak bedenguk mara pitik jago sing awake cilik lan wulune kuning. Sakjane dheweke isih jagoan, isih anak pitik, durung dadi pitik jago tenanan. Nanging polahe kaya pitik jago sing wis kawakan.

"Yi, bayi jenengku Pitik Kementhus, pitik paling pinter ning kebon kene. Sapa jenengmu yi?. Ngopo pendak ndino kowe leyeh-leyeh ning kene?" pitakone pitik kuwi

"Awawawa wawawaw wawawa. Jenengku Altap, anake Bunda Majda Yulianingrum, puthune Eyang. Aku pendak sore ning kene amarga Bunda Majda Yulianingrum lagi sibuk masak ning pawon" jawabe Altap nanggo bahasa sing miturut Bunda Majda Yulianingrum saukur kaya suara bayi ngoceh sing ora ana maknane. Nanging mbuh piye carane Pitik Kementhus iso ngerti ucapane Altap.

"Woooo ngono tho yi. Tinimbang tenguk-tenguk kaya ngono mbok kowe melu aku golek cacing lan walang, iso dianggo lawuh mangan loh" 

"Awawawawa wawawa wawa. Waduh lah aku iki bayi umur 7 sasi sing durung iso apa-apa je. Lingguh we durung iso, kok malah diajak golek walang sing pinter mlumpat-mlumpat. Yo ora bakal iso nglakoni awakku. Nanging menawa tak sawang-sawang nalika  kowe mangan walang -- sajake pancen rasane enak tenan yah"

Altap durung ngerti menawa menungsa umume ora seneng mangan walang.

"Walah mesakake tenan kowe ki. Wis umur 7 sasi, gedhene sak gajah kok rung iso apa-apa. Kowe mesthi keset banget iki. Ora tau gelem sinau lan ajar ngopo-ngopo. Gaweane turu terus kok kepingin mangan walang -- yo ora bakal iso no!. Lha aku iki umure lagi 5 sasi wis iso apa wae. Iso mabur, iso mlayu, iso golek pangan dhewe, iso basa kewan macem-macem. Klurukku apik banget loh, mengko kowe tak duduhi!"  kandhane Pitik Kementhus rada nyepelekake Altap.

"Wawawawa wawawa wawaaaa. Sapa sing keset? Aku iki menungso dudu pitik. Beda no! Sesuk nek wis umur setahun ya mesthi wis iso mlayu ngoyak-oyak kowe, terus tak cekeli buntutmu ben ora iso lungo-lungo!" jawabe Altap radha nesu amarga dianggep keset karo Pitik Kementhus.

"Wooo yo aja ngono kuwi yi. Aku ojo thok oyak-oyak koyo ngono. Wis ngene wae, saiki awake dhewe lomba tarik suara wae. Aku iso kluruk, kowe rakyo iso nyanyi tho?" celathune Pitik Kementhus rada kuatir bakal dioyak-oyak Altap sing awake gedhi kuwi.

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Pitik Nggutil lan gedhang goreng ning plataran Bakso Bangjo

Dina senen pas prei dawa, Izal lan Reza lagi lingguh-lingguh ning njaban warung Bakso Bangjo karo dolanan sepur-sepuran Thomas and friends. Izal dolanan lokomotif biru sing jenenge Thomas. Reza nyenuk karo lokomotif ijo, jenenge Percy. Cah loro dolanan asyik banget ngantek ora ngerti menawa ana pitik nyedak-nyedak, arep mangan gedhang goreng ning piring sing dinggo pacitane bocah loro.

Pitik jago gedhi sing jenenge Nggutil kuwi sajake isih mikir-mikir. Dheweke lagi ngira-ira, cah loro kuwi ethok-ethok ora weruh, apa pancen ora nggatekke menawa gedhang gorenge diinceng dening Si Nggutil. Pitik kuwi sumelang menawa dheweke malah dicekel, terus gentenan ditumpaki cah loro. Soale cah loro kuwi isih batita, dadi Nggutil khawatir pada durung ngerti menawa pitik ora iso ditumpaki kaya pit roda telu.  duniashinichi.blogspot.com

"Lha nek sing numpaki Izal ya rapapa wong awake isih cilik. Nanging nek sing numpaki Reza sing wis gedhi kuwi, rak ya aku kelakon ndadak pijet ning panggone Mbakyu Menthog" pikirane Pitik Nggutil.

Cerita Cekak Lucu Basa Jawa: Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Suwijining dina pas wektu istirahat kantor, Ima lunga metu sakperlu jajan bakso malang komplet ning warung Bakso Bangjo. Ndilalahe pas parkir ning ngarep Bakso Bangjo, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.

Sakwise rampung mangan bakso, Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok kunci mobile Ima iso dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.

Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku isa dinggo mbukak mobile wong liya?

Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung iso dinggo mbukak siji mobil thok, ora iso dinggo mobil liyane!

Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki iso mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh! Majda Yulianingrum

Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mbrono ngecek mobile Mbak Ima

Ima:
Cepet ya Pak! Yen sak kunci iso dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya tho! Mobilku iso kleru karo mobile wong liya! Majda Yulianingrum

Dealer:
Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi. 
duniashinichi.blogspot.com

Sakwise sauntara waktu sing nduwe mobil wis rampung jajan bakso lan marani mobile. Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, iso dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.

Ima:
Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere njih!

Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:
Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake iso mlebu mobilku wong ora tak kunci je. Soale anakku lingguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika ngadek... 

Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:
Halo Mbak Cantik. Sorry njih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh Mbake mlebu mobil.

Ima:
Gubrakkkkk!!
(Undil-2012)

Cerita Pendek Lucu Bahasa Jawa: Bakso Bangjo lan Kucing Klawu

Suwijining dina Mbak Dewi, yaiku koki sing nduwe warung Bakso Bangjo weruh Kucing Klawu lagi mlaku-mlaku ning ngarep warung baksone. Jalaran si Kucing Klawu kethoke kaliren, kurang mangan, banjur Mbak Dewi inisiatif ngenehi mangan. Dheweke ujuk-ujuk mlayu ning tengah ndalan, nyegat lakune kucing klawu.

“Stop, stop Cing. Mrene-mrene, mampira disik, tak wenehi bakso urat”

Kucing klawu mung meong-meong karo gumun. Kok ana uwong nyegat lakune kur arep ngewenehi pangan. Apa sajak aku kethok kurang pangan ya? Padahal sejatine Kucing Klawu lagi diet.

Jare kanca-kancane awake mulai kelemon. Dadi ya wis wayahe diet. Tur Kucing Klawu ya ngrasakake menawa awake rada angel diajak mlayu. Boro-boro ngoyak tikus, kon ngoyak menthog sing mlakune rindik tur megal-megol we dheweke wis ngos-ngosan marga kabotan awak.

Kucing Klawu mikir-mikir nek arep nolak tawaran bakso urat. Menawa ditolak, gek-gek dheweke dikiro sombong. Umuk, ora gelem mangan panganan sing diwenehke dening uwong. Ya uwislah ora papa, aku tak leren diet sedina wae. Mangan daging bakso sithik rak ya ora papa.

Kucing Klawu terus lingguh karo ngetamul mangan bakso. “Wah jebul rasane ya enak tenan je. Bakso urat iki mesthi sing gawe ya bakat koki. Amarga rasane maknyus banget. Wah, aku pengen mangan meneh ki. Piye ya carane ya?” pikire Kucing Klawu.

Kucing klawu marani keset, terus dicokot-cokot karo diemut pojoke. Karepe dheweke pengen ngethokake menawa isih ngeleh. Nanging Mbak Dewi ora ngerti karepe si kucing. Dikirane si kucing lagi sikatan bar mangan.

“Wah nek arep sikatan aja nganggo keset. Iki tak wenehi kain resik dianggo sikatan” Mbak Dewi ngulungke kain lap resik marang kucing klawu.

Kucing klawu kaget. Loh aku kok malah diwenehi lap tho. Wong pengene mangan bakso je, kok malah diakon sikatan. Wah nek ngono aku arep nyoba cara liyane.

Kucing klawu trus nyedhaki suketan ning ngarep Bakso Bangjo. Dheweke mangani suket, tujuane ben Mbak Dewi ngerti menawa dheweke isih ngeleh. Dicokoti suket trus dipangan, sebagian dilepeh meneh ben kethok nek dheweke mangani suket.

Mbak Dewi kaget. Lho kucinge kok malah mangani suket. Wah iki mesti dheweke pengen sehat terus mangan sayur-sayuran. Wah kucing kang sadar kesehatan ki. Mbak Dewi seneng, terus njukuk slada arep diwenehke kucing klawu.

“Iki loh tak wenehi slada. Nek pengen lalapan ojo mangan suket, mangan slada wae”

Kucing Klawu tambah kaget. Wah aku kudu mangan slada ki. Kepeksa dheweke kremus-kremus mangan slada arepa ora seneng. Wah piye ya ben dheweke ngerti nek aku pengen mangan bakso meneh?

Ndilalahe Kucing Klawu weruh pembantu Bakso Bangjo lagi ngangkat balungan saka njero kuah bakso, arep dibuang. Wah iki! Nek aku ndilati balungan mesti sing duwe bakso ngerti menawa aku isih ngeleh.

Kucing klawu terus ndilati balung bakso sing didelehake ning nduwur godong gedhang. “Wah rasane gurih, enak banget” batine kucing klawu. Dheweke ndilati karo muni meong-meong ben Mbak Dewi weruh nek dheweke isih ngelih.

Nanging Mbak Dewi sing weruh Kucing Klawu ndilati balung malah kaget.
“Wooo la, koweki ngelak tho kok ndilati kuah bakso. Iki loh tak wenehi susu murni” ujare Mbak Dewi karo ngecurke susu ning gelas plastik ben diombe kucing klawu.

Kucing klawu mak jegagik, kaget! Kok malah diwenehi susu?. Dikirane dheweke ngelak terus ndilati kuah bakso sing tememplek ning balung pa?. Wah aku dadi bingung ki. Wis pirang-pirang cara tak lakoni, sing duwe bakso durung ngerti nek aku isih ngelih.

Dumadakan kucing klawu weruh Zea Maysa nangis. Cah cilik sing mbiyen tau ngenehi mangan marang dheweke iku lagi digendong Ibune sing lagi dolan ning Bakso Bangjo. Ibune tanggap terus ngenehi mangan marang Zea Maysa ben tangise meneng.

“Woo lakok gampang carane. Rasah reka-reka, garek nangis wae, Ibune wis langsung ngerti nek pengen mangan” ujare Kucing Klawu.

“Nek ngono aku tak meong-meong wae ben sing nduwe bakso ngerti nek aku isih ngelih”

Kucing klawu banjur meong-meong karo nyundul-nyundul sikile Mbak Dewi. Mesthi wae Mbak Dewi kaget, ning terus ngguyu.

“Woo, kowe ki isih ngeleh tho! Iki tak wenehi bakso urat maneh”

Kucing klawu seneng banget diwenehi bakso urat enak banget. Dheweke terus lingguh ngetamul mangan bakso urat (undil, 01 maret 2009)


tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak