Cerita Lucu Basa Jawa: Lomba Nyanyi Bayi Altap vs Pitik Kementhus

Wis sakwetara Altap lan Bunda Majda Yulianingrum nginep ning omahe Eyang ing sasi pasa iki. Pendak sore menawa Bunda Majda Yulianingrum lagi masak ning pawon -- Altap didelehke ning ngarep akuarium air laut ning teras mburi omahe Eyang. Dheweke numpak stroller (kereta bayi) werna biru, lingguh karo ketap-ketip, seneng banget nyawang kincir air sing mubeng ning njero akuarium. Kebon mburi omahe Eyang kuwi jembar banget, berbatasan karo kali cilik sing alirane mbelah kampung kono. Ning kebon akeh kewan-kewan sing saba. Diantarane yaiku pitik, menthok, banyak, kalkun lan kewan-kewan liar sing omahe ning pinggir kali.




















Suwijining ndina, nalika Altap lagi leyeh-leyeh ning stroller biru karo nyawang akuarium -- ujug-ujug mak bedenguk mara pitik jago sing awake cilik lan wulune kuning. Sakjane dheweke isih jagoan, isih anak pitik, durung dadi pitik jago tenanan. Nanging polahe kaya pitik jago sing wis kawakan.

"Yi, bayi jenengku Pitik Kementhus, pitik paling pinter ning kebon kene. Sapa jenengmu yi?. Ngopo pendak ndino kowe leyeh-leyeh ning kene?" pitakone pitik kuwi

"Awawawa wawawaw wawawa. Jenengku Altap, anake Bunda Majda Yulianingrum, puthune Eyang. Aku pendak sore ning kene amarga Bunda Majda Yulianingrum lagi sibuk masak ning pawon" jawabe Altap nanggo bahasa sing miturut Bunda Majda Yulianingrum saukur kaya suara bayi ngoceh sing ora ana maknane. Nanging mbuh piye carane Pitik Kementhus iso ngerti ucapane Altap.

"Woooo ngono tho yi. Tinimbang tenguk-tenguk kaya ngono mbok kowe melu aku golek cacing lan walang, iso dianggo lawuh mangan loh" 

"Awawawawa wawawa wawa. Waduh lah aku iki bayi umur 7 sasi sing durung iso apa-apa je. Lingguh we durung iso, kok malah diajak golek walang sing pinter mlumpat-mlumpat. Yo ora bakal iso nglakoni awakku. Nanging menawa tak sawang-sawang nalika  kowe mangan walang -- sajake pancen rasane enak tenan yah"

Altap durung ngerti menawa menungsa umume ora seneng mangan walang.

"Walah mesakake tenan kowe ki. Wis umur 7 sasi, gedhene sak gajah kok rung iso apa-apa. Kowe mesthi keset banget iki. Ora tau gelem sinau lan ajar ngopo-ngopo. Gaweane turu terus kok kepingin mangan walang -- yo ora bakal iso no!. Lha aku iki umure lagi 5 sasi wis iso apa wae. Iso mabur, iso mlayu, iso golek pangan dhewe, iso basa kewan macem-macem. Klurukku apik banget loh, mengko kowe tak duduhi!"  kandhane Pitik Kementhus rada nyepelekake Altap.

"Wawawawa wawawa wawaaaa. Sapa sing keset? Aku iki menungso dudu pitik. Beda no! Sesuk nek wis umur setahun ya mesthi wis iso mlayu ngoyak-oyak kowe, terus tak cekeli buntutmu ben ora iso lungo-lungo!" jawabe Altap radha nesu amarga dianggep keset karo Pitik Kementhus.

"Wooo yo aja ngono kuwi yi. Aku ojo thok oyak-oyak koyo ngono. Wis ngene wae, saiki awake dhewe lomba tarik suara wae. Aku iso kluruk, kowe rakyo iso nyanyi tho?" celathune Pitik Kementhus rada kuatir bakal dioyak-oyak Altap sing awake gedhi kuwi.


"Aw wawawawa wawawa wawa. Iyo uwis kowe tak ngapuro, ora sido tak oyak-oyak. Ayo saiki awake dhewe lomba nyanyi" jawabe Altap ngeyem-yemi Pitik Kementhus

Dumadakan Pitik Kementhus terus mabur mencok ning nduwur akuarium. Altap kaget banget weruh Pithik Kementhus wani-wanine mancik ning nduwur akuarium. Dheweke njaluk didelehke kono we ora tau dituruti, iki malah ana pitik wani-wani mencok kono.

"Wawawawa wawawa wawa. Woooiiii medun kowe! Ora keno pancikan nduwur akuarium, mengko diseneni Bunda Majda Yulianingrum. Hush! hush! Cepet medun!"  kandhane Altap karo nggusah Pitik Kementhus kanthi ngacung-acungke tangan kiwo lan tengen.

Pitik Kementhus kaget digusah karo Altap. Dheweke cepet-cepet medhun saka akuarium, banjur nyedhaki Altap.

"Kowe kok malah nggusah aku tho? Lha kowe le nyanyi rak karo metingkring ning nduwur stroller, kok aku ora oleh metingkring ning nduwur akuarium?"

"Wawawawa wawawa wawa. Pancen nduwur akuarium ora keno dianggo sapa-sapa -- ndak ngregeti. Kowe ora nganggo pampers tho? Tur senenganmu nelek sak nggon-nggon. Kamangka pendak sore aku ditinggal Bunda ning kene. Kuwi artine pendak sore aku bakal mambu telekmu!. Wis saiki kowe mencok ning nduwur tempat sampah wae!"

"Waaa nek kluruk ning nduwur tempat sampah yo mambu no!. Ora bakal indah klurukanku!. Yo uwis aku tak mencok ning sadel sepeda listrik Selis kuwi wae, kethoke empuk je" 

Pithik Kementhus banjur mabur lan mencok ning nduwur sadel sepeda elektrik Selis sing didelehke ning cedak teras mburi omahe Eyang.

^_^

Altap karo Pitik Kementhus wis siap-siap adu tarik suara. Dumadakan Altap mbengok sero banget, madep sirahe Pitik Kementhus.

"Waaaaaaaawawawa. Loh iki jurine sapaaaaaaaa? Sapa sing arep mbiji awake dhewe. Kok durung ana sing diangkat dadi juri"

"Bener kowe Altap. Awake dhewe lali durung golek juri. Wis ngene wae. Undangen pitik-pitik kancaku sing lagi dolan ning kebon. Ben kabeh dadi juri anggone awake dhewe lomba tarik suara" usule Pitik Kementhus kanthi awak ndredeg amarga kaget banget.

"Piye carane ngundang kanca-kancamu. Aku ora ngerti carane?"

"Ngene kiyi loh. Kowe ngomong wae Keeerrrr, Keeeerrr, Keeeer" mengko mesti pada mara ndene kabeh.

"Kiiiirrrr kiiiirrrr kiiiiirrrr" bengoke Altap sero banget. Dheweke lagi umur 7 sasi, dadi durung iso nirokke suara kanthi tepat.

"Walah dudu "Kiiir" yi. Sing bener "Keeeerrrrr". Awas aja keliru meneh yo!"

 "Keeeemmmmm Keeemmmm Keeemmm"

Pithik Kementhus langsung nggebuk sirahe dhewe nanggo swiwi saking  mumete. Dheweke geleng-geleng kepala bingung piye carane ngajari bayi cilik ngene kiyi.

"Wiiiiiis jan kowe ki piye tho. Dikandhani kon muni "Kerrr" kok malah "Keeeemmmm". Rakyo beda banget tho Ker karo Kem kuwi. Malah Mbakyu Aykem Mainkem mengko sing moro ndene!".

"Kooooom. Koooommmm. Kooooommmm"
 Ora ana pitik sing teka.
 
"Kuuuuuuuullllll. Kuuuuuuulll. Kuuuuuuuulll"
 Pitike malah pada ngguyu kemekelen krungu suara kuwi -- dikirane Altap lagi ndagel.

"Kuuuuuurrrrrrr. Kuuurrrrrrr. Kuuuuuurrrrr"

Ndilalahe krungu suarane Altap sing keri dewe kuwi, pitik-pitik sing lagi saba ning kebon pada mara. Sakjake pitik-pitik kuwi gelem diundang Ker utawa Kur pada wae. Rasah persis karo kandhane Pithik Kementhus sing kudu muni Ker.

Pitik-pitik sing kumpul ning cedak teras kuwi akhire pada saguh dadi juri lomba tarik suara antarane Altap melawan Pitik Kementhus. Sing dibiji kekuatan suara lan kemerduane. Pokoke sing suarane mranani athi bakalan dimenangke.

Altap lan Pitik Kementhus gentenan anggone tarik suara. Sakwise Pitik Kementhus kluruk, banjur disusul Altap nyanyi. Mesthi wae nyanyiane Altap tumrap wong liya dianggep kaya bayi lagi njerit wae, ora dianggep suara wong nyanyi. Dadine suara cah loro kuwi saut-sautan ning teras mburi omah.

"Ku ku ku ruuuuuuuuuuuuukkkkkk" kluruke Pitik Kementhus

"Awawawa wawawawa wawa aaaaaaaaa aw aw cap cap" nyanyiane Altap

"Pethok pethok pethok pethok pethok pethok pethok" 


Disusul lomba nyanyi ronde loro:

"Ku ku ku ku ku ruuuuuuuuuuuuukkkkkk"

"Awawawawawawawa wawawawawawa wawawaw aaaaaaaaaaa aw aw aw aw cap cap cap cap"

"Pethok pethok pethok pethok pethok pethok pethok" 


Diteruske ronde-ronde teruse:
"Ku ku ku ku ku ku ku ku ruuuuuuuuuuuuukkkkkk"

"Awawawawawawawawawawawawa wawawawawawaw wawawa aaaaaaaaaaaaa aw aw aw aw aw aw cap cap cap cap cap cap cap"

"Pethok pethok pethok pethok pethok pethok pethok"


Suara ribut pethok-pethok iku asale saka pitik-pitik juri sing lagi pada padu kepingin menangke jagoane. Sebagian pitik njagoi Pitik Kementhus, nanging sebagian besar milih suarane Altap sing miturut pitik-pitik kuwi luwih merdu. Ngantek diulang-ulang, dibaleni nganti ronde rong puluh, sing menang isih Altap. Pitik Kementhus ngos-ngosan kenthekan nafas. Beda karo Altap sing isih ngguyu-ngguyu segar bugar. Kanggo dheweke mbok dikon njerit-njerit ngantek mbengi ora masalah. Keciiiilllll. Gampang banget kanggone Altap menang lomba jejeritan kaya iki.

Akhire Pitik Kementhus menyerah, ngaku kalah karo Altap. Dheweke rumangsa percuma wae menawa diteruske nganti ping seket buntet. Ora bakal bisa menang karo Altap. 

"Yo uwis Mas Altap. Aku ngaku kalah. Suaramu pancen luwih merdu lan luwih rosa dibanding suaraku. Kowe pancen bakat tarik suara tenanan. Aku menyerah kalah, lan ngakoni kowe luwih unggul dibanding aku" celathune Pitik Kementhus sing sak-kal ilang sifat kementhuse amarga kalah ning perlombaan. Arepo kementhus, ternyata dheweke nduwe sifat satriyo, yaiku gelem ngakoni kekalahan (Undil-2015). 

gambar adalah lukisan Cockerel, Pablo Picasso, 1938. sumber: ppicasso.tumblr.com

0 komentar:

Post a Comment