Blog Bahasa Jawa: Zea Maysa lan Kucing Klawu

Zea Maysa kuwi bayi umur 4 sasi sing isane kur muni owek-owek. Ibune lagi sepisan iki nduwe bayi cilik, amarga Zea anak mbarep. Suwijing dino ana kucing anggora rupane klawu teka ning omahe Zea Maysa. Kucing klawu iku terus muni meong-meong mbuh apa karepe. Ndilalahe Zea Maysa kalebu bayi ajaib tenan, soale iso ngobrol karo kucing, basa-ne dhek-e meh pada karo basane kucing, dadine cah loro nyambung ngobrole.

“Owek-owek”

“Eow-Eow”

“Owek-owek”

“Eow Eow Eow”

Cah loro do ngobrol rame banget ngantek mbokne Zea Maysa gumun kok anakke nangis terus. Padahal sakjane lagi ngobrol karo kucing. Wis ditileki orang ngompol, ora eek. Dinehi nenen yo ara gelem. Lha wis piye to, mbokne dadine bingung, njuk zea maysa didelehke meneh ning box. Kucing klawu neruske ngobrole karo Zea.

“Yi, Bayi! aku ngeleh banget ki, nduwe iwak ora kowe?”

“Iwak ki sing kaya apa bentukke?”

“Kuwi lho, kewan sing awakke lonjong, sirahe luncup”

“Sirahe luncup? Sok mangap-mangap ning banyu kui po?”

“Hooh, sing sok mangap-mangap ning njero akuarium”

“Akuarium ki sing ono plupuk-plupukke kuwi pa?”

“Iyah, sing ana lampune padhing banget!. Trus piye ki, nduwe iwak ora?”

“Nduwe. Mau esok aku weruh Ibuku nduwe sak piring ning meja makan”

“Mbok aku njaluk!”

“Wah, aku ora iso njukukke je. Ngomong karo Ibuku ya ora iso. Ibuku radong karo basa-ku. Piye ya carane njukukke iwak kanggo kowe?”

“Ngene wae, kowe nangise diserok-ke bek di gendong meneh. Nangisa terus sing sero ngantek kowe digawa metu kamar. Trus nalika wis cedhak meja makan tanganmu kudu ngranggeh-ngranggeh iwak - - bek dijukukke”

“Nek wis dijukukke terus piye?”

“Ya thok tibakke ning ngarepku. Engko aku meong-meong ning ngisormu karo nyunduli sikile Ibumu”

“Wo ngono ya! Pinter tenan kowe kucing klawu!”

Kucing anggora kuwi mesam-mesem seneng banget diarani pinter karo Zea Maysa.



^_^

Kaya skenarione kucing klawu, Ibune Zea Maysa cepet-cepet nggendong Zea naliko krungu bayi kuwi nangis sero banget. Sarene anggone nangis ora meneng-meneng, banjur digawa mlaku-mlaku metu kamar ngantek tekan cedhak meja makan. Tangane Zea ngranggeh-ngranggeh iwak sing temumpang nduwur piring. Ibune tanggap, terus dijukukke siji, kanthi pangarep-ngarep anggone nangis meneng. Wasan iwak dicekel Zea, banjur ditibakke ning ngarepe kucing klawu. Ibune kaget, ning terus ngguyu kemekelen wasan weruh ana kucing sing nyantap iwake. Wah anakku pinter tenan, isih bayi wis iso makani kucing.

tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak, cerita pendek bahasa jawa

9 comments:

  1. Bagus banget ceritanya, Mas aku mau dunk belajar bahasa jawa... secara aku peranakan jawa lahir di Jakarta... trus ortu ngomongnya ga pernah jawa....hick hick :(

    ReplyDelete
  2. Blog ingkang sae..

    Mangga sami pinarak ugi dateng http://kawruhjawi.wordpress.com

    ReplyDelete
  3. Wah Cerita nya sae sanget..hehe

    ReplyDelete
  4. Dadi kelingan tembang: kucingku telu kabeh lemu-lemu, sing siji abang sing loro klawu.

    salam kenal mas

    ReplyDelete
  5. waaaahhhh ceritanya bagusssssss banget mas,,,, :D
    inspiratif.e akeh sanget..... :D

    ReplyDelete
  6. Waahh... lucu bget adheku lgi kngen pacare ae iso ngguyu''... wah... wahh... hebatt... mas....

    ReplyDelete
  7. @Rini Makasih kunjungannya Mbak Rini

    ReplyDelete
  8. Sma'' mas.. hehee.. sring ta' bca lho lek gwe hibur adhe'Q... Mksiih mas.. lm knal dr jau..

    ReplyDelete