Pantun Idul Fitri Bahasa Jawa - Peribahasa

Mulad sarira hangrasa wani
Wani ngakoni kalemahan diri
Sugeng Riyadi Idul Fitri
Sadaya kelepatan nyuwun pangaksami
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi


Mumbul-mumbul kaya tajin
Akeh kepaitan tetep semangat
Ngaturaken sugeng riyadi
Nyuwun pangapunten sedaya lepat
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Tan mutung ing pasangan
Sanajan abot, aja ninggalake gawean
Sugeng riyadi lebaran
Ikhlasken luput kulo ampun disimpen
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Nandur pari jero
Manfaate kanggo anak putu
Luputku marang awakmu jero
Mangga dipendem nganggo pangapuramu
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Negara mawa tata, desa mawa cara
Tata krama agawe lancar ing kerja
Sugeng riyadi panjenengan sedaya
Kulo gadah lepat nyuwun pangapura
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi


Ngangsu banyu ing kranjang
Ilmu sithik miguna tanpa dilakoni
Luput kulo sak kranjang
Nyuwun diapura ing dina riyadi
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi


Nampel pulukan tan kena dilakoni
Ngrusak begjaning liyan amarga dengki
Alamat kanca dewe bakal mungsuhi
Sugeng riyadi Idul Fitri
Sedaya lepat nyuwun diampuni
Mugi dengki tan betah manggon ning ati
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Ngantuk ngadep padhiyan
Aja klenthir marang pujian
Sugeng hari lebaran
Nyuwun apunten sedaya kalepatan
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Dadi anak aja nggadho ati
Aja seneng nyusahke wong tuwo
Sugeng riyadi Idul Fitri
Nyuwun diapunten kalepatan kulo
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Ngeled eduk ing pinggir dalan,
Tumindak tanpa pendirian
sakderma manut omonge liyan
hasile bakal ora karu-karuan
Sugeng Riyadi kagem sampeyan
Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi



Ngundhuh wohing panggawe
Manungsa ngunduh pokale dewe
Luput kulo aja digape
Luwih sekeca sampeyan laleake
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Murwa sarira ing dina riyadi
Kedah dilengkapi dandaning ati
Dandan awak ing dina riyadi
Becik disarengi bagusing ati
Kawula haturken sugeng riyadi
Luput kula ampun dilebetken ati
Taqabalallahu Minna Wa Minkum
Mugi amal ibadah kita sadaya katampi

Bacaan:
Sutrisno Sastro Utomo, 2007, Kamus Lengkap Peribahasa Jawa – Indonesia, UII Press, Yogyakarta

tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, pantun idul fitri bahasa jawa

0 komentar:

Post a Comment